KASANGSARANING URIP SAJRONING NOVEL JEMINI ANGGITANE SUPARTO BRATA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Imelda Atika
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA
Abstrak
Sastra mujudake sawijining kaca pangilon utawa gegambaran ngenani kasunyatan ing sakiwa tengene. Salah sawijine yaiku novel Jemini anggitane Suparto Brata kang nyritakake bab kasangsaraning urip kang nate dialami wong Jawa nalika jaman Landa, mligine tumrap wong wadon. Kasangsaraning urip sajroning novel Jemini digambarake lumantar sawijining paraga utama wadon sing urip ana ing Tangsi karo kulawargane. Adhedhasar kahanan kasebut, novel Jemini iki bakal kadhudhah kanthi tintingan strukturalisme genetik kang nggayutake pamawase pangripta lan masyarakat minangka pamawase jagad sajrone novel Jemini.
Adhedhasar andharan mau, ana patang underaning panliten kang dionceki ing panliten iki, yaiku: (1) kepriye gegambaraning kasangsaraning urip jroning novel Jemini anggitane Suparto Brata; (2) kepriye pamawase pangripta ngenani kasangsaraning urip; (3) kepriye pamawase masyarakat ngenani kasangsaraning urip; lan (4) kepriye pamawase jagad sajroning novel Jemini anggitane Suparto Brata. Saka underaning panliten mau, panliten iki nduweni ancas: (1) ngandharake gegambaraning kasangsaraning urip jroning novel Jemini anggitane Suparto Brata; (2) ngandharake pamawase pangripta ngenani kasangsaraning urip; (3) ngandharake pamawase masyarakat ngenani kasangsaraning urip; lan (4) ngandharake pamawase jagad sajrone novel Jemini anggitane Suparto Brata.
Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Novel Jemini minangka sumber data panliten, mujudake novel anyar sing nganggo basa Surabayan. Dene data panliten awujud tembung, frasa, lan ukara-ukara ingkang gegayutan karo kasangsaraning urip sajrone novel kanggo ngonceki data kanthi cara intrinsik, dene kanthi cara ekstrinsik data dijupuk saka katrangane pangripta lan masyarakat sing uga nggambarake pamawase jagad novel Jemini. Tata cara pangumpulaning data nggunakake metode pustaka lan wawancara. Analisis data kang digunakake sajroning panliten iki yaiku teknik analisis dheskriptif analitik, dene teori kang digunakake yaiku strukturalisme genetik.
Asiling panliten gegayutan karo struktur novel Jemini anggitane Suparto Brata ngenani kasangsaran-kasangsaran urip kang kagambar sajrone novel Jemini. Kasangsaran kasebut dialami dening paraga utama wadon, yaiku Jemini. Anggone nglakoni urip Jemini ngalami kasangsaran-kasangsaran urip ing antarane yaiku nikah peksan, didadekake gundhik, lan pasiksan. Pamawase pangripta ngenani kasangsaraning urip kaperang dadi telung bageyan, yaiku pamawase Suparto Brata ngenani bab nikah peksan. Panjenengane ngandharake yen nikah peksan mujudake adat ing masyarakat. Kapindho, pamawase Suparto Brata ngenani gundhik yaiku pawongan sing didadekake selir utawa istri gelap dening wong Landa. Gundhik kasebut lila dinikah ora sah supaya uripe luwih kepenak. Katelu, pamawase Suparto Brata ngenani bab pasiksan tumrap rewang. Pasiksan tumrap rewang mujudake samubarang sing lumrah. Juragan duwe kakuwasan marang rewange. Pamawase masyarakat ngenani kasangsaraning urip uga diandharake ing panliten iki. Kasangsaraning urip kasebut ing antarane yaiku bab nikah peksan lan pasiksan tumrap rewang. Ing masyarakat isih ditemokake nikah peksan. Kamangka ana saperangan pawongan kang ora sarujuk karo bab nikah peksan kasebut. Dene bab pasiksan tumrap rewang isih marak ditemokake ing masyarakat. Pawarta bab pasiksan tumrap rewang gawe ati trenyuh. Pemerintah kudu mbrastha pasiksan kasebut.Pamawase jagad sajrone novel Jemini yaiku ngandhut nilai-nilai kang luhur tumrap panguripane manungsa. Nilai-nilai luhur kang kinandhut sajrone novel Jemini yaiku manut, pasrah, ikhlas, lan sabar.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

