MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

  • FEBRIAN SULUH C

Abstract

 

 

Febrian Suluh Chrisdyanto

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA, (febrian.suluh@ymail.com)

Abstrak

Kabudayan yaiku asil saka reriptan, rasa, lan karsa manungsa. Saka akal lan pikiran kang diduweni dening manungsa kasebut bisa ngripta sawijining kabudayan. Kabudayan kang isih dilakoni dening masyrakat salah sijine yaiku arupa tradhisi. Salah siji tradhisi kang isih ditindakake nganti saiki yaiku Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi. Tradhisi kasebut ana ing Kabupaten Ngawi. Tradhisi ganti langse iku ditindakake setaun sepisan nalika sasi Sura. Saliyane iku ing tradhisi iki uga ana tata laku lan uba rampene. Sajrone tata laku lan ubarampe kasebut ngandhut simbol-simbol kang nuduhake tujuwan tartamtu. Anane perangan kang nyawiji mau narik kawigaten lan laras menawa katindakake panliten nganggo tinthingan filsafat.

Bab kang dadi underaning panliten iki, yaiku: (1) kepriye asal-usuling Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi, (2) kepriye tata lakune tradhisi kasebut, (3) kepriye wujud lan makna ubarampe tradhisi kasebut, lan (4) kepriye makna filosofis Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi. Panliten Tradhisi Ganti langse ing Petilasan Prabu Kertabumi iki bakal nggunakake ancangan kualitatif dheskriptif. Metode lan teknik nglumpukake data kang digunakake yaiku observasi, cathetan, dokumentasi, rekam, lan wawancara. Ngolah lan tatacarane nganalisis data sajrone panliten Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi yaiku: (1) open coding yaiku golek saakehe variasi data kang ana gegayutane karo topik panliten kasebut, (2) axial coding yaiku data saka open coding dikumpulake miturut kategori banjur dikembangake lan dianalisis, kayata makna filosofis sajroning Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi, lan (3) kang pungkasan selective coding yaiku panulis klarifikasi lan menehi dudutan saka data kang wis dianalisis. Lelandhesaning teori minangka lelandhesan anggone nintingi data sajrone panliten ngenani Tradhisi Ganti Langse yaiku nggunakake teori simbol lan konsep kang diandharake Saryono (2011) yaiku merang nilai filosofi sajrone budaya Jawa.

Asiling panliten kasebut yaiku ngenani tradhisi ganti langse, tata lakune tradhisi ganti langse, wujud lan makna ubarampe, sarta makna filosofis sajrone tradhisi ganti langse. Sajrone tata lakune tradhisi kasebut diperang dadi telu, yaiku (1) tahap wiwitan: nyusun panitia, kerja bakti, nyiapake papan panggonan, lan nyiapake piranti lan ubarampe, (2) tahap inti: ganti langse ing petilasan kasebut, slametan, andum langse, lan (3) tahap pungkasan: pagelaran kethoprak, tari bedaya Srigati, lan pagelaran wayang kulit. Wujud lan makna ubarampe kaperang dadi loro, yaiku piranti sajrone Tradhisi Ganti Langse lan ubarampe sajrone adicara slametan. Lan makna filosofis sajrone Tradhisi Ganti Langse ing Petilasan Prabu Kertabumi ngandharake ngenani (1) nilai kemapanan: pepesthen, keteraturan, kaajegan, (2) nilai kasalarasan: kajatmikan, karukunan, pakurmatan, lan kaagungan, (3) nilai bebarengan: kaluwargan, tulung-tinulung, gotong-royong, lan katentreman, lan (4) nilai religi.

 

Tembung wigati: makna filosofis, nilai, tradhisi ganti langse, simbol, wujud lan makna.

Published
2013-07-23
How to Cite
SULUH C, F. (2013). MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract Views: 35
PDF Downloads: 34