Ketidakadilan Gender tumrap Wanita Jawa sajrone Novel Jemini Anggitane Suparto Brata lan Novel Entrok Anggitane Okky Madasari (tintingan sastra bandingan)

  • ERVINNA INDAH CAHYANI
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract

Novel Jemini anggitane Suparto Brata lan Novel Entrok anggitane Okky Madasari padha-padha ngrembang ngenani ketidakadilan gender tumrap wanita Jawa. Ananging kalorone novel kasebut nduweni titikan khas dhewe-dhewe anggone nyritakake. Mula kanggo nliti rong novel iki, sastra bandhingan minangka teori kang pas lan trep. Sastra bandhingan kang digunakake sajrone panliten iki nengenake afinitas kanthi tema ketidakadilan gender. Tujuwan panliten iki yaiku: (1) ngandharake wujud ketidakadilan gender sajrone novel Jemini anggitane Suparto Brata lan novel Entrok anggitane Okky Madasari, (2) ngandharake panyebab ketidakadilan gender sajrone novel Jemini anggitane Suparto Brata lan novel Entrok anggitane Okky Madasari, lan (3) ngandharake perjuwangan kang ditindakake paraga-paraga wanita kanggo nglawan ketidakadilan gender sajrone novel Jemini anggitane Suparto brata lan novel Entrok anggitane Okky Madasari.

Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata primer sajrone panliten iki yaiku arupa tembung, ukara, pada, dialog antar paraga, wacana, lan solah bawane paraga sajrone novel Jemini lan novel Entrok. Dhata sekunder sajrone panliten iki yaiku kang awujud artikel-artikel utawa warta-warta kang nduweni gegayutan karo wanita, karya sastra, lsp.

Kata kunci: ketidakadilan gender, sastra bandhingan

Published
2020-05-06
How to Cite
INDAH CAHYANI, E., & ERNAWATI, Y. (2020). Ketidakadilan Gender tumrap Wanita Jawa sajrone Novel Jemini Anggitane Suparto Brata lan Novel Entrok Anggitane Okky Madasari (tintingan sastra bandingan). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 123
PDF Downloads: 103