MARGINALISASI PENGHAYAT KEPERCAYAAN TERHADAP TUHAN YANG MAHA ESA SAJRONE NOVEL AKU WONG KAFIR ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • SAFANNY FADHILA ATHALIA
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract

Novel Aku Wong Kafir kang dicekak AWK anggitane Tulus Setiyadi nyritakake panguripane Penghayat Kapercayan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa kang dimarginalisasi dening masarakat sajrone bebrayan. Warga penganut aliran kapitayan kasebut ora diwenehi kabebasan saben tumindake, hak-hak sing kudune ditampa kayadene masarakat umume uga ilang. Anggepan kafir jalaran ora nduweni agama kang njalari masarakat ngemarginalisasi para penghayat kapercayan. Adhedhasar andharan kasebut mula underan panliten kang bakal dirembug yaiku, (1) kepriye wujud marginalisasi tumrap penghayat kapercayan sajrone novel AWK anggitane Tulus Setiyadi?, (2) apa kang nyebabake marginalisasi tumrap penghayat kapercayan sajrone novel AWK anggitane Tulus Setiyadi?, (3) kepriye pejuwangane penghayat kapercayan kanggo nyikapi marginalisasi sajrone novel AWK anggitane Tulus Setiyadi?. Slaras karo underane kang wis diandharake bisa dimangerteni tujuwan saka panliten iki yaiku, ngandharake wujud marginalisasi, panyebab marginalisasi, lan pajuwangan kanggo nyikapi marginalisasi kang ditindakake penghayat kapercayan sajrone novel AWK. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendekatan sosiologi sastra kanggo ngonceki underan panliten kang dadi pirembugan sajrone panliten iki. Asil saka panliten iki yaiku bisa mangerteni watesan tumindak lan watesan nalika nindakake pakaryan tumrap penghayat kapercayan minangka wujud marginalisasi sajrone novel AWK. Panyebab utama penghayat dimarginalisasi sajrone novel AWK yaiku jalaran aliran kapitayan sing diugemi. Faktor panyengkuyung kang nalari penghayat dimarginalisasi jalaran faktor ekonomi kulawargane lan faktor pendhidhikan. Pungkasane, pejuwangan kang ditindakake penghayat kapercayan supaya ora dimarginalisasi yaiku ngupaya kanggo ngangkat kalungguhan lan drajad aliran kapitayane. Tujuwane supaya diakoni lan dikurmati dening masarakat. Penghayat kapercayan sajrone novel AWK uga nindakake pakaryan lan sinau minangka upaya kanggo nyikapi marginalisasi.
Published
2020-05-06
How to Cite
FADHILA ATHALIA, S., & ERNAWATI, Y. (2020). MARGINALISASI PENGHAYAT KEPERCAYAAN TERHADAP TUHAN YANG MAHA ESA SAJRONE NOVEL AKU WONG KAFIR ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 51
PDF Downloads: 31