KAPITAYAN TRADHISI NYEKAR ING PUNDHEN BUYUT SODAH DHUSUN BOGI DESA PADEMONEGORO KECAMATAN SUKODONO KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN FOLKLOR)

  • DERTA CAHYANING FITRI
  • YOHAN SUSILO

Abstract

ABSTRAK

Tradhisi nyekar ing pundhen Buyut Sodah salah sawijine folklor setengah lisan kang ana ing Dusun Bogi-Pademonegoro, Kec. Sukodono, Kab. Sidoarjo. Nindakake tradhisi nyekar ing pundhen Buyut Sodah iki bisa kapan wae, yaiku nalika arep nganakake nduwe gawe, nduwe prajanjen, uga rasa sukur, dibarengi karo nggawa ubarampe kang wis dadi syarat lan nduweni maksud utawa tujuwan tartamtu.

Sajrone panliten iki ngrembug, 1) kepriye mula bukane, 2) kepriye titi laksanane, 3) apa jinis ubarampe lan maknane 4) apa pigunane 5) apa wae kapitayan, 6) lan kepriye pamawas bebrayan sajrone Tradhisi Nyekar ing Pundhen Buyut Sodah. Ancase panliten iki yaiku ngandharake 1) mula bukane, 2) tatalaku tradhisi nyekar, 3) jinis ubarampe lan maknane 4) pigunane 5) kapitayan, 6) lan pamawas bebrayan sajrone Tradhisi Nyekar ing Pundhen Buyut Sodah. Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif amarga dhata kang dikumpulake rata-rata arupa tetembungan. samubarang kang ditliti lumantar wawancara, video, utawa dhokumentasi nganti ngasilake dhata panliten. Dhata-dhata kang diasilake arupa dhata lisan lan tulisan kang diolehake saka asil kagiyatan observasi, wawancara, lan dhokumentasi.

Asil panliten iki nuduhake yen tradhisi nyekar ana sambung rakete karo sejarah pundhen Buyut Sodah. Ubarampe kang digunakake yaiku sega werna putih ateges pangarep-arep kang resik, bandeng nduweni makna supaya manungsa bisa banter mudheng, endhog maknane bisa ngronce apa kang bakal ditindakake kanthi ngati-ati, jangan bening maknane karesikan ati lan pamikiran, kopi maknane supaya manungsa bisa ngolah pikire, lan kembang setaman kang kebak makna spiritual kanggo diri pribadi. Kang dadi ubarampe utama yaiku kudu ana jangan bening lan pecelan bandeng, ubarampe kasebut dipercaya dadi panganan kang disenengi dening Buyut Sodah.

Tembung wigati : Tradhisi nyekar, Buyut Sodah, Folklor

Published
2020-05-06
How to Cite
CAHYANING FITRI, D., & SUSILO, Y. (2020). KAPITAYAN TRADHISI NYEKAR ING PUNDHEN BUYUT SODAH DHUSUN BOGI DESA PADEMONEGORO KECAMATAN SUKODONO KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN FOLKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 113
PDF Downloads: 45