KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGA UTAMA SAJRONING CRITA SAMBUNG "REMBULAN WUNGU" ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI

Authors

  • YUNI ASTUTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Yuni Astuti

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA(astutiyuni1506@yahoo.co.id)

 

 

Abstrak

Asil kasusastran Jawa ing jaman modern saiki wis akeh banget. Salah sawijine reriptan sastra Jawa modern kang pinilih minangka objeke panliten iki yaiku reriptane Ardini Pangastuti arupa crita sambung kanthi irah-irahan “Rembulan Wungu”. Cerbung iki nyritakake saweneh kulawarga kang kepengin banget nduwe anak. Iya perkara pepenginan nduwe anak mau kang banjur nuwuhake konflik psikologis tumrap paraga utama.

Underaning panliten ngenani cerbung “Rembulan Wungu” iki, yaiku (1) kepriye wujude cerbung “Rembulan Wungu, (2) kepriye gegambarane konflik psikologis paraga utama sajroning cerbung “Rembulan Wungu, lan (3) kepriye jati dhirine cerbung “Rembulan Wungu”. Tujuwaning panliten iki, yaiku (1) ngandharake wujude cerbung “Rembulan Wungu, (2) njlentrehake konflik psikologis paraga utama sajroning cerbung “Rembulan Wungu, lan (3) ngudhari jati dhirine cerbung “Rembulan Wungu”. Panliten iki diajab bisa aweh piguna tumrap pangrembakaning sastra Jawa modern, utamane ing babagan kritik sastra. Saka anane asiling panliten iki, dikarepake pengarang sastra Jawa modern bisa ngasilake karya kang luwih apik maneh.

Teori kang digunakake sajroning panliten iki yaiku teori strukturalisme lan psikologi sastra mligine nggunakake teori psikoanalisis Sigmund Freud.Panliten iki asipat kualitatif kang nggunakake sumber data arupa cerbung “Rembulan Wungu” anggitane Ardini Pangatuti kang tau kapacak ing majalah Djaka Lodang taun 2011. Tata cara pangumpule data ing panliten iki kalampahan kanthi nggunakake metode pustaka. Tata cara pangolahe data nggunakake analisis deskriptif.

Adhedhasar asiling panliten kasebut, bisa didudut menawa cerbung “Rembulan Wungu” mujudake cerbung realis kang nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang lumrah dumadi sajroning kanyataning urip ing jaman saiki. Carane paraga utama anggone maujudake pepenginane kanggo nduweni anak kanthi cara kang kliru banjur nuwuhake konflik psikologis sajroning dhiri pribadine. Isine cerbung “Rembulan Wungu” iki saliyane kanggo nglipur pamacane uga ngemot piwulang kang bisa dadi kaca benggala kanggo ngadhepi urip.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-24

How to Cite

ASTUTI, Y. (2013). KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGA UTAMA SAJRONING CRITA SAMBUNG "REMBULAN WUNGU" ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 64 , PDF Downloads: 55