DINAMIKA STRUKTUR TEKS LAN KAPRIBADHENE PARAGA UTAMA WANITA SAJRONING CERBUNG NURUTI KAREP ANGGITANE WISNU SRI WIDODO

  • ENIK YUNITA

Abstract

 

 

Enik Yunita

Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (enikyunita397@yahoo.com)

 

 

 

Abstrak

 

Wisnu Sri Widodo mujudake salah sawijining juru sastra Jawa gagrak anyar utawa sastra Jawa modern. Karya-karyane arupa cerkak, cerbung, crita wayang lan novel. Skripsi iki bakal nintingi cerbung Nuruti Karep anggitane Wisnu Sri Widodo adhedhasar teori struktur dinamik lan kepribadhene paraga utama wanita. Lumantar kahanan mau, mula panliten iki nggunakake obyek cerbung “Nuruti Karep” anggitane Wisnu Sri Widodo kanthi tinthingan struktur dinamik ngenani struktur intrinsik mligine tema, paraga lan alur, aspek konvensional pamedharing carita sajroning cerbung NK mligine tema tradhisi lan alur, sarta  kepribadhene paraga utama wanita, amarga  anane gambaran wewatekane saka paraga utamane  kang kuwat banget yaiku isih mentingake nepsu birahine,  mentingake egone lan ana aspek-aspek nilai sajroning carita.Saliyane iku, anane milih cerbung kasebut kanthi tetimbangan durung anapanliten sadurunge ngenani cerbung NK iki.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning panliten iki yaiku (1) kepriye struktur intrinsik cerbung NK, (2) kepriye aspek konvensionalitas pamedharing crita sajroning cerbung NK, (3)kepriye wujud kapribadene paraga utama wanita cerbung NK digayutake teori psikoanalisis Sigmund-freud. Adhedhasar saka prakara-prakara kasebut, mula ancase panliten yaiku: (1) ngandharake struktur intrinsik cerbung NK, (2) ngandharake aspek konvensionalitas pamedharing crita sajroning cerbung NK, (3) ngandharake wujud kapribadene paraga utama wanita cerbung NK digayutake  teori psikoanalisis Sigmund-freud. Diajab panliten iki bisa aweh sumbangsih tumrape sastra gagrak anyar, mligine marang pangrembakaning ilmu sastra, tumrap panliten dhewe, tumrap pamaos, lan tumrap piwulangan apresiasi sastra.

Leladhesan teori kang digunakake sajroning panliten iki yaiku tintingan struktur dinamik ngenani struktur instrinsik mligine tema, paraga, lan alur, aspek konvensionalitas pamedharing crita sajroning cerbung NK mligine tema tradisi lan alur, lan tintingan kapribaden paraga utama wanita digayutake teori psikoanalisis Sigmund-freud mligine id, ego, lan superego. Struktur dinamik yaiku pangrembakane struktur murni utawa klasik, punjering panliten tetep ing karya sastrane iku dhewe.

Panliten iki kagolong panliten kualitatif kanthi nggunakake metode deskriptif. Sumber data panliten iki yaiku sawijining cerbung, kanthi irah-irahan Nuruti Karep anggitane Wisnu Sri Widodo kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat cacahe 15 edhisi, wiwit tanggal 4 Desember nganti 12 Maret 2005. Data arupa teks, tembung lan ukara kang nuduhake anane stuktur intrinsik mligine tema, paraga, lan alur, aspek konvensional mligine tema tradisi lan alur, lan wujud kapribadene paraga utama wanita digayutake teori psikoanalisis Sigmund-freud mligine id, ego, lan superego. Tata cara pangolahing data ing panliten iki yaiku nggunakake teknik deskriptif-analisis.

Saka andharan asiling panliten, bisa didudut asil telu kang selaras karo undering panliten. Andharan kang kapisan yaiku bab unsur-unsur intrinsik mbangun cerbung NKkaperang tema mayor lan tema minor. Tema mayor sosial yaiku ngenani tumindake paraga utama wanita sing ora patut digawe tuladhane urip bebrayan lan tema minore yaiku katresnan lan sujanane wanita kang ndadekake bubrahe bale wisma. Babagan paraga mligine paraga utama, Fransiska Winarni lan Lukas Sarminto. Babagan alur crita asipat progesif lan dinamis. Andharan kaping pindho yaiku aspek konvensionalitas struktur. Lelakoning crita sajroning cerbung utawa novel kerep dibumboni karo roman katresnan antarane wong lanang lan wadon. Fransiska Winarni kang dadi paraga utama wanita dijodhohne karo sawijining pelukis sing jenenge Lukas Sarminto, kamangka Fransiska Winarni ora nduweni rasa tresna marang dheweke. Fransiska Winarni nuruti apa sing dikarepake wong tuwane. Iki mujudake peraganing tema tradhisi utawa konvensional sing dumunung sajroning roman Jawa modern utawa roman panglipur wuyung. Andharan sabanjure ngenani bab kepribaden paraga utama wanita kanthi tintingan Sigmund-freud. Kapribadhen paraga utama wanita yaiku Fransiska Winarni. Teori psikoanalisis-freud ngandharake yen kapribadhen manungsa dumadi saka telung sisitem, yaiku id, ego, lan superego. Fransiska Winarni iku mujudake wanita kang nduweni kapribadhen kang ora patut dituladhani amarga nuruti nepsu birahine lan mentingake egone.

Published
2013-07-24
How to Cite
YUNITA, E. (2013). DINAMIKA STRUKTUR TEKS LAN KAPRIBADHENE PARAGA UTAMA WANITA SAJRONING CERBUNG NURUTI KAREP ANGGITANE WISNU SRI WIDODO. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract Views: 81
PDF Downloads: 57