MITOS DAUPE MBAH KODOK LAN UPACARA KEBO KETAN ING DESA SEKARPUTIH KECAMATAN WIDODAREN KABUPATEN NGAWI (Tintingan Etnologi)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%25pAbstract
Upacara Kebo Ketan minangka Upacara adat ing Desa sekarputih Kec Widodaren Kab Ngawi. UKK yaiku upacarataunan kang dilaksanakake ing desa sekarputih, upacara iki dilaksanakake saben sasi Mulud mbarengi karo mengetimaulud Nabi Muhamad SAW, tradhisi iki Tradhisi adat lan arupa arak-arakan kebo.Tradhisi iki isih diugemi uganduweni tujuwan kanggo ngucapake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Masyarakat isih percaya yennganakake tradhisi kasebut, bakal entuk panguripan kang kepenak kanggo nggarap sawah. Kajaba kuwi acara iki uganduweni daya tarik sing wigati kanggo wisata budaya kang nggali lan nglestarekake budaya bangsa, sarta tradhisi iki oraana ing dhaerah liya.Underane panliten iki yaiku (1)Kepiye mula bukane anane UKK, (2)Kepiye tatalaku adicara UKK, (3)Kepiyeubarampe adicara UKK, (4)Kepiyepamawas masyarakat Desa Sekarputih tumprap UKK. Tujuwan panliten iki yaikukaperang dadi loro, tujuwan umum lan khusus. Tujuwane panliten umum yaiku panliten iki kanggo menehi gambarananane UKK ing Desa Sekarputih Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi supaya bisa dimangerteni dening masyarakat,kanggo dhokumentasi, kanggo sarana nglestarekake budaya Jawa.Tujuwan khususe yaiku Ngandharake mulabukaneUKK,Ngandharake tatalaku adicara UKK,Ngandharake ubarampe adicara UKK, Ngandharake ngenani pamawasdesa Sekarputih Kec Widodaren Kab Ngawi.Paedah panliten iki yaiku Nambahi kawruh ngenani Tradhisi utamane UKKing Desa Sekarputih KecamatanWododaren Kabupaten Ngawi.Nambahi refrensi bab kabudayan Jawa tumprap piwulangan Basa Jawa.Menehi kawruhbebrayan ing Ngawi yen ana tradhisi anyar yaiku UKKMinangka dokumentasi tradhisi, mligine tumprap wargasekarputih ing babagan kabudayan jawa supaya tansah dijaga luhur pambudidayane.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2020-05-10
How to Cite
WIDIASTUTI, E., & SUKARMAN. (2020). MITOS DAUPE MBAH KODOK LAN UPACARA KEBO KETAN ING DESA SEKARPUTIH KECAMATAN WIDODAREN KABUPATEN NGAWI (Tintingan Etnologi). Jurnal Online Baradha, 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Issue
Section
Articles

