Suntingan Teks lan Aspek Mistik Kejawen sajrone Layang Jayabaya (Tintingan Filologi)

  • ANDRI SETIAWAN
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Layang jayabaya minangka naskah kang katulis ing periodhisasi sastra Jawa anyar lan ngemot bab mistik kejawen. Piwulang mistik kasebut kaya dene dumadine jagad gumelar, dumadine isen-isene jagad, lan cara-carane manembah marang Gusti uga ngrukti diri pribadi. Bab kasebut ora uwal lan tansah kang raket karo urip bebrayane masyarakat Jawa. Asepk sebut dionceki sarana teori filologi kang jinurung teori filsafat. Mula underan sajrone panliten iki yaiku (1) Kepriye dheskripsi naskah Layang jayabaya, (2) Kepriye suntingan teks lan aparat kritik sajrone Layang jayabaya, lan (3) Kepriye mistik kejawen kang dumadi ing layang jayabaya? Anscase nindake panliten iki kanggo menehi dheskripsi, suntingan lan aparat kritik kanggo naskah lan teks Layang jayabaya uga ngandharake mistik kejawen kang dumadi ing Layang jayabaya. Kanthi teori filologi lan linandhesan teori filsafat, panliten iki ngasilake suntingan teks lan aprat kritik, andharan mistik kejawen kang arupa kepriye dumadine jagad saisine, malaekat papat lan sedulur gaib, mantra lan basaning sukma. Asil suntingan lan aparat kritik nemokake tembung-tembung kang dianggep uwal saka paugeran samesthine. Dene asile andharan dumadi jagad saisine kawiwitan saka ciptane isine langit, dumadine tetanduran, dumadine malaekat lan widadari, banjur dumadine setan, menungsa lan kewan. Malaekat papat kasebut diarani Jabarala, Makahala, Hasarapala, lan Hajarala. Pungkasane yaiku mantra kang dumadi ing Layang jayabaya mujudake basa kang ora bisa ditegesi senadyan ana saperangan mantra kang nggunakake basa jawa lumrah.

Tembung wigati: filologi, layang jayabaya, mitisk kejawen
Published
2020-05-10
How to Cite
SETIAWAN, A., & PURNOMO, B. (2020). Suntingan Teks lan Aspek Mistik Kejawen sajrone Layang Jayabaya (Tintingan Filologi). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 97
PDF Downloads: 72