STUDI TAPSIR LAN TUNTUNAN SYARI’AT ING SURAH AL-FATIHAH SAJRONE NASKAH TABSIR KURAN (SUNTINGAN TEKS LAN TUNTUNAN SYARI’AT)

  • MOHAMMAD SAIFUDDIN ZUHRI
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Naskah Tabsir Kuran sajrone kasusastran Jawa kalebu ana ing periodisasi Sastra Jawa Anyar, katulis nganggo aksara Jawa lan nggunakake basa Jawa Anyar. Naskah iki minangka naskah piwulang ngenani bab agama. Andharan iku nggambarake undheran panliten kang bakal dadi acuan panliten iku (1) kepriye dheskripsi Naskah Tabsir Kuran. (2) kepriye suntingan teks sajrone Naskah Tabsir Kuran. (3) kepriye studi tapsir Al-Quran sajrone Naskah Tabsir Kuran. (4) kepriye tuntunan Syari’at sajrone tapsir Quran surah Al-Fatihah. Metodhe panliten kang diango yaiku metodhe dheskriptif analitik. Sumber dhata kang ana ing panliten iki yaiku Naskah Tabsir Kuran kang wujude buku. Teknik pangolahe dhata yaiku naskah ditranslitrasi, goleki dheskripsi naskah, banjur mujudake suntingan teks, lan ngolah dhata adhedhasar piwulang agama kang ana ing sajrone naskah banjur ndudut asile panliten. Asiling dhata ing panliten iki kaperang dadi papat yaiku dheskripsi naskah, suntingan teks, studi tapsir Quran, lan tuntunan Syari’at sajrone surah Fatihah. Ana ing perangan dheskripsi, naskah kaserat dening Martasusila. Ana ing suntingan teks diasilake 39 perangan teks kang disunting. Ana ing perangan studi tapsir iku ngandharake kepriye cara napsirke Al-Quran kanthi bener. Dene tuntunan Syari’at sajrone surah Al-Fatihah iku duduhake piwulang agama ngenani tuntunan Syari’at kang ana sajrone tapsir Quran surah Fatihah. Panliten ngenani Naskah Tabsir Kuran dikarepke bisa nggugah semangate bebrayan ana ing jaman saiki supaya padha aweh kawigaten lan panyengkuyung mligine marang sastra lawas miturut fungsine yaiku minangka sumber kang kebak kawruh lan piwulang ing njerone.

Tembung Wigati: naskah, suntingan, tapsir, syari’at, fatihah
Published
2020-05-11
How to Cite
SAIFUDDIN ZUHRI, M., & PURNOMO, B. (2020). STUDI TAPSIR LAN TUNTUNAN SYARI’AT ING SURAH AL-FATIHAH SAJRONE NASKAH TABSIR KURAN (SUNTINGAN TEKS LAN TUNTUNAN SYARI’AT). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 54
PDF Downloads: 40