Pamawase Pamaca Sajrone Kumpulan Wacan Bocah Aja Njagakake Endhoge Si Blorok Anggitane Umi Kuntari

  • ANISA KARTIKO PUTRI
  • LATIF NUR HASAN

Abstract

Abstrak

Wacan bocah kanthi irah-irahan “Aja Njagakake Endhoge Si Blorok” anggitane Umi Kuntari mujudake crita cekak isine ngenani bocah-bocah minangka ‘karya pinilih’. Saliyane kuwi, critane wacan bocah kasebut bisa narik kawigatene pamaca. Andharan kasebut mujudake sawijining alasan panliten ngenani resepsi iki dianakake. Saliyane kuwi, panliten ngenani resepsi sasuwene iki mung winates, mula prelu dianakake panliten kaya mangkono. Punjering panliten iki yaiku ngenani unsur pambangune crita, sarta ngenani panampa lan pamanggihe pamaca adhedhasar daya intelektual lan emosionale marang ANESB. Tujuwan panliten iki yaiku njlentrehake uga ngandharake ngenani wujude unsur pembangun, ngenani panampa lan panangkepe pamaca adhedhasar daya intelektual sarta emosiomale marang ANESB. Paedahe kaajab bisa menehake gambaran utawa kawruh marang pamaca sawise maca panliten iki. Teori kang digunakake yaiku teori resepsi, lan tintingan struktural minangka panyengkuyunge. Methode kang digunakake yaiku methode dheskriptif. Teknik kang digunakake nglumpukake dhata yaiku wawancara, nyebar kuisinoner, teknik nengeri, lan teknik nyathet. Reseptor yaiku pamaca kang menehi pambiji lan pamanggih marang ANESB kang wis disebarake dening panliti. Reseptore yaiku siswa kelas V SDN Mojokusumo cacahe ana 25 bocah. Dhata kang diolehake saka asil wawancara lan kuisioner marang reseptor, asile wujud analisis unsur intrinsik saka ANESB, wujud saka panampa lan panangkepe reseptor. Dhata kang wis diolehi, diklompokake adhedhasar dayane reseptor, yaiku daya intelektual lan emosionale. Asil saka panliten iki, yaiku jalaran kabeh reseptor bisa mangsuli, mahami uga mangerteni apa kang dadi isine wacan bocah ngenani unsur instrinsik. Mula, ora kleru nalika wacan bocah ANESB diarani cocog karo kriteria wacan bocah.
Tembung wigati : Resepsi Pamaca, Unsur Pambangun, Wacan Bocah
Published
2020-05-12
How to Cite
KARTIKO PUTRI, A., & NUR HASAN, L. (2020). Pamawase Pamaca Sajrone Kumpulan Wacan Bocah Aja Njagakake Endhoge Si Blorok Anggitane Umi Kuntari. JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 90
PDF Downloads: 58