KACINTRAKAN SAJRONE NOVEL GEMPOL ANGGITANE TULUS S (TINTHINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • YULIA INTAN NOVITASARI
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Abstrak

Kacintrakan minangka salah sawijine wujud kahanan sosial ing masyarakat sing kerep dicritakake dening sastrawan sajrone novel minangka wujud penghayatan tumprap panguripan ing sakupenge. Novel gempol minangka salah sawijine karya sastra sing nggambarake kahanan sosial masyarakat. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S. Tintingan sing digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan sosiologi sastra.

Metodhe kang digunakake yaiku metodhe kualitatif dheskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novel Gempol anggitane Tulus S. Wujud dhata panliten yaiku awujud tembung, ukara, lan wacana. Tatacara nglumpukake dhata nggunakake teknik maca cathet lan teknik dokumen. Dhata kang disuguhake arupa dheskripsi ngenani gegambaran kacintrakan sajrone novel Gempol.

Asil saka panliten iki yaiku dhata sing awujud tembung lan ukara kang nuduhake anane kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S sing banjur diperang dadi telu, yaiku (1) kepriye kahanan sosial bebrayan masyarakat sajrone novel Gempol anggitane Tulus S, (2) kepriye kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S, lan (3) kepriye pamawase panganggit sajrone novel Gempol anggitane Tulus S. Saka dhata sing ana nuduhake yen anane kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S.

Tembung Wigati : Kacintrakan, Kahanan Sosial, Gempol, Novel




Published
2020-05-12
How to Cite
INTAN NOVITASARI, Y., & PURNOMO, B. (2020). KACINTRAKAN SAJRONE NOVEL GEMPOL ANGGITANE TULUS S (TINTHINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 230
PDF Downloads: 133