Rasa Bingunge Paraga Utama Wanita Sajrone Novel Tembang Raras Ing Tepis Ratri Anggitane Sunaryata Soemardjo (Tintingan Psikoanalisis Sigmund Freud)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%25pAbstract
ABSTRAKRASA BINGUNGE PARAGA UTAMA WANITA SAJRONE NOVEL TEMBANG RARAS ING TEPIS RATRI ANGGITANE SUNARYATA SOEMARDJO (Tintingan Psikoanalisis Sigmund Freud)Jeneng : Dianti Lutfiana UlfaNIM : 16020114027sProdi : S-1/ Pendhidhikan Basa lan Sastra DhaerahFakultas : Basa lan SeniLembaga : Universitas Negeri SurabayaPembimbing : Prof. Dr. Darni, M.Hum. Bingung yaiku kahanan indhividhu nalika pepenginan lan pamikiran ora bisa nglaras manunggal dadi siji. Ndadekake manungsa ora bisa nemtokake apa kang kudu dilakoni. Rasa bingung mujudake salah sawijine masalah kajiwan kang kerep dirasakake dening manungsa. Rasa bingung sajrone diri manungsa pranyata narik kawigaten pengarang kang dilebokake minangka prakara sajrone karya sastra. Salah sawijine karya sastra kang ngangkat perkara bingung yaiku novel Tembang Raras Ing Tepis Ratri Anggitane Sunaryata Soemardjo Adhedhasar andharan kasebut underan panliten iki yaiku (1) kepriye struktur kapribadene paraga utama wanita, (2) kepriye wujud rasa bingunge paraga utama wanita, (3) apa payebab rasa bingunge paraga utama wanita, lan (4) kepriye mekanisme pertahanan ego paraga utama wanita. Tujuwan saka panliten iki kanggo ngandharake struktur kapribaden, wujud rasa bingung, panyebab rasa bingung lan mekanisme pertahanan egone paraga utama wanita sajrone novel Tembang Raras Ing Tepis Ratri. Panliten iki kalebu jinis panliten dheskriptif kualitatif kanthi tintingan psikologi sastra teori psikoanalisis Sigmund Freud. Dhata panliten iki yaiku tembung lan ukara sajrone novel Tembang Raras Ing Tepis Ratri. Banjur dhata kang dikumpulake kanthi teknik maca, cathet, lan nglompokake diolah kanthi methodhe dheskriptif analisis kanthi cara njlentrehake data banjur dianalisis. Asile panliten iki kaperang dadi papat. (1) Struktur kapribaden miturut Sigmund Freud yaiku Id, Ego, lan Super Ego. (2) Wujud rasa bingunge Asih kaperang dadi papat yaiku, mangu-mangu, nangis, nglamun lan overthinking. (3) Panyebab rasa bingunge Asih kaperang dadi papat yaiku katresnan, kekancan, paseduluran lan tresna marang wong tuwa. (4) Mekanisme Pertahanan ego ana telung perangan yaiku represi, sublimasi lan rasionalisasi.
Tembung wigati: Psikologi kapribaden, Kecemasan Neurotik, Rasa Bingung.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2020-05-13
How to Cite
LUTFIANA ULFA, D., & DARNI. (2020). Rasa Bingunge Paraga Utama Wanita Sajrone Novel Tembang Raras Ing Tepis Ratri Anggitane Sunaryata Soemardjo (Tintingan Psikoanalisis Sigmund Freud). Jurnal Online Baradha, 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Issue
Section
Articles
Abstract views: 112
,
PDF Downloads: 154











