TINDAK TUTUR TAKON ING DESA JETIS KECAMATAN DAGANGAN KABUPATEN MADIUN
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Candra Ghulam Ahmad
(072114006)
Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
andhuen@gmail.com
Abstrak
Pamedharing rasa-pangrasa kanthi guneman, sarana tulisan, sasmita lan liya-liyane iku mesthi migunakake basa, mbuh kuwi basa awak (bahasa tubuh/kode), basa tulis, lan basa lisan. Basa ora bisa uwal saka masalah sosial lan interaksi sosial ing sabendinane. Uga ora bisa uwal saka ukara-ukara kang ngandhut pitakon. Saka pitakon-pitakon kang kaucapake wis samesthine ana perangan unggah-ungguh kang ngetutake. Saka perangane basa lisan kang awujud tindak tutur takon iku narik kawigatene panliti kanggo nliti luwih jeru babagan tindak tutur takon kanthi dhasar unggah-ungguh masyarakat panuture kang nduweni struktur sosial kang beda-beda. Perkara ing panliten iki yaiku kepriye unggah-ungguh basa kang digunakake manungsa kang nduweni status sosial kang maneka warna, sarta teges apa kang dikarepake panutur marang lawan tuture nalika takon.
Panliten iki nggunakake objek saka tuturane masyarakat Jawa ing Desa Jetis Kecamatan Dagangan Kabupaten Madiun kang asli Jawa lan mangerteni basa Jawa kang dituturake. Panliten iki uga nggunakake ancangan lan wewatesan. Ancangan kang ana ing panliten iki yaiku ancangan deskriptif lan asipat sinkroni. Dene wewatesane yaiku kaping pisan panliten iki mung nitiki punjere prekara kanthi perangan struktur sosiale wong kang guneman lan wong sing dijak guneman. Kaping pindho, panliten iki ngandharake ngenani unggah-ungguhe panutur nalika nggunakake tindak tutur takon. Banjur kaping telune, basa kang ditliti arupa basa Jawa kang digunakake masyarakat Desa Jetis nalika guneman sabendina ing wektu iki.
Panliten iki nganggo metode simak, cathet lan rekam. Adhedhasar metode iki mau ditemokake pirang-pirang werna basa ing tindak tutur takon. Werna basa iku ing antarane (1) basa ngoko lugu, (2) basa ngoko andhap (3) basa krama, lan (4) basa krama inggil. Dene panutur lan lawan tuture diperang adhedhasar struktur sosiale.
Saka analisis dhata bisa ditemokake dudutan yaiku nalika panutur nduweni relasi sosial kang raket, struktur sosial kang nduweni umur tuwa, drajade dhuwur, pendhidhikane endhek, status ekonomine sugih, lan jinis kelamine lanang dheweke nuturake tindak tutur takon tanpa nggatekake unggah-ungguh, utawa luwih trepe ora nggatekake undha-usuking basa.
Manusia punya beribu cara untuk mengungkapkan pemikiran dan perasaannya, dengan berbicara, dengan menulis, dengan gerak, dan lain sebagainya. Ungkapan pemikiran dan hati manusia membutuhkan bahasa untuk bisa disampaikan, entah itu bahasa lisan, bahasa tulis, ataupun bahasa tubuh. Bahasa tidak dapat dipisahkan dari masalah sosial lan interaksi sosial, misalnya tidak dapat pisah dengan tindak tutur tanya atau kalimat yang mengandung pertanyaan. Dari pertanyaan-pertanyaan yang terlontar tentu terdapat tingkat kesopanan yang menyertainya. Dari bahasa lisan yang berupa tindak tutur tanya tersebut dirasa menarik untuk ditliti lebih dalam tentu saja dihubungkan dengan tingkat kesopanan dari masyarakat penuturnya dan peran dari struktur sosial yang membangunnya. Masalah dari penelitian ini mengenai bagaimana tingkat kesopanan yang digunakan masyarakat tutur yang tentu saja mempunyai struktur sosial yang berbeda-beda.
Penelitian ini menggunakan objek dari tuturan masyarakat Desa Jetis Kecamatan Dagangan Kabupaten Madiun yang asli Jawa dan paham dengan bahasa yang diucapkannya. Penelitian ini juga menggunakan acuan dan batas-batas. Acuan dalam pengambilan data yaitu acuan deskriptif yang mempunyai sifat sinkroni. Sedangkan batas-batasnya yang pertama penelitian ini hanya terbatas mengenai masalah pembagian struktur sosial penutur dan lawan tutur. Kedua, penelitian ini menjelaskan tingkat kesopanan masyarakat tutur ketika menuturkan pertanyaan berdasarkan struktur sosialnya. Ketiga, bahasa yang diteliti berupa bahasa Jawa yang digunakan masyarakat Desa Jetis untuk berbicara setiap hari di waktu ini.
Penelitian ini menggunakan metode simak, tulis dan rekam. Berdasakan metode tersebut banyak ditemukan bermacam-macam warna bahasa Jawa diantaranya (1) bahasa ngoko lugu (2) bahasa ngoko andhap (3) bahasa krama (4) bahasa krama inggil. Sedangkan masyarakat penuturnya dapat dibagi berdasarkan struktur sosialnya.
Berdasarkan analisis data, dapat disimpulkan bahwa ketika penutur yang mempunyai umur tua, drajadnya tinggi, pendidikannya rendah, status ekonominya kaya, dan jenis kelaminnya laki-laki rata-rata tidak memperhatikan sopan-santun ketika mengutarakan pertanyaan kepada lawan tuturnya.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

