LIRWANE PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL KAROBAN LUHURING BUDI ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN PSIKOHUMANISTIK CARL ROGERS)

  • AGUK EFENDI
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Abstrak

Novel Karoban Luhuring Budi anggitane Tiwiek SA nyeritakake lirwane paraga sing nandang kelainan hiper-sex wiwit dheweke isih cilik. Indriastuti kang nandang kelainan hiper-sex ora bisa ngendhalekake tuntutan nepsu syahwate. Wicaksono minangka guru lakine ora aweh kawigaten kang luwih marang Indriastuti. Pranyata Indriastuti nindakake tumindak ireng bareng Darmendo. Kahanan mangkono sing njalari tuwuhe tumindak lirwa kang dilakoni Indriastuti. Adhedhasar kahanan kasebut, lirwane paraga didhudhah kanthi nemtokake underane panliten yaiku (1) Kepriye struktur kapribadene paraga sajrone novel KLB, (2) Apa wae panyebab paraga nindakake lirwa sajrone novel KLB, (3) Kepriye gegambaran lirwane paraga sajrone novel KLB. Panliten iki nduweni ancas yaiku (1) Ngandharake struktur kapribadene paraga sajrone novel KLB, (2) Ngandharake panyebab paraga nindakake lirwa sajrone novel KLB, (3) Ngandharake gegambaran lirwane paraga sajrone novel KLB anggitane Tiwiek SA. Paedahe panliten yaiku bisa ngrembakakake ilmu sastra modern kang ngandhut psikologi kapribaden lan menehi sumbangsih tumrap kritik sastra Jawa modern kanthi akehe kajian-kajian ngenani karya sastra Jawa modern, bisa aweh sesurupan utawa kawruh kang anyar ngenani sastra Jawa modern, bisa aweh idhe-idhe kang kreatif lan inovatif, bisa ndandekake sumber referensi tumrap panliti, aweh piwulangan ngenani novel kang ora mung kanggo wacan lelipur nanging bisa ndadekake kaca pangilon sajrone urip bebrayan.

Teori kang digunakake kanggo nganalisis yaiku psikologi sastra kang nengenake babagan psikohumanistik Carl Rogers. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif kang nggunakkae penapsiran utawa hermeneutika. Sumber dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku novel KLB. Dhata sajrone panliten iki arupa ukara lan tetembungan kang ana sajrone novel KLB lan selaras karo underan panliten. Teknik pangumpulan dhata nggunakake teknik, maca, nyathet, lan studi pustaka. Tata cara analisis dhata yaiku kanthi teknik analisis dheskriptif, dene tata cara nguji kaabsahan dhata yaiku kanthi cara validitas semantis.

Asiling panliten kaperang dadi telu. Sapisan struktur kapribaden paraga ana telu, yaiku organisme, medhan fenomena, lan self. Panyebabe lirwa paraga ana papat, yaiku fisik, hiper-sex, kapercayan organisme, lan rasa bebas. Gegambarane lirwane paraga ana lima, yaiku lirwa marang anak, lirwa marang bojo, lirwa marang kulawarga, lirwa marang drajate wanita setya, lan lirwa marang agama. Crita novel KLB ngenani tumindak nistha sing disandhang dening paraga utama katindakake jalaran ora antuk kawigaten saka guru lakine. Katelu perangan sajrone panliten iki nuduhake kedadeyan-kedadeyan lirwa.

Tembung wigati: lirwa, paraga utama, psikohumanistik.

Published
2020-05-15
How to Cite
EFENDI, A., & SULISTIANI, S. (2020). LIRWANE PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL KAROBAN LUHURING BUDI ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN PSIKOHUMANISTIK CARL ROGERS). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 106
PDF Downloads: 55