Tradhisi Gembyangan Waranggana Tayub ing Dhusun Ngrajek Desa Sambirejo Kecamatan Tanjunganom Kabupaten Nganjuk (Tintingan Folklor)

Authors

  • DHENIK DWI AHMADI
  • SUKARMAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%25p

Abstract

Tradhisi Gembyangan Waranggana Tayub mujudake salah siji folklor setengah lesan kang isih diugemi ing Dhusun Ngrajek, Desa Sambirejo, Kecamatan Tanjunganom, Kabupaten Nganjuk. Tradhisi Gembyangan Waranggana Tayub (sabanjure TGWT) dileksanani minangka wujud saka pakulinan kang wis ditindakake wiwit jaman biyen nganti saiki, lan uga tradhisi kasebut ditindakake minangka wujud kang pungkasan saka waranggana kasebut anggone dikukuhake. TGWT dileksanani dening masyarakat Dhusun Ngrajek saben setaun pisan, mancik ing Sasi Besar, dina Jemuah Paing.Panliten iki munjer sajrone dhata kang bakal dianalisis yaiku nganggo tintingan folklor. Underan panliten kaya dene, 1) Kepriye mula bukane TGWT ing Dhusun Ngrajek, 2) Kepriye tata laku sajrone TGWT ing Dhusun Ngrajek, 3) Apa wujud ubarampe lan maknane kang kinandhut sajrone TGWT ing Dhusun Ngrajek, 4) Kepriye makna kang kinandhut sajrone TGWT ing Dhusun Ngrajek, 5) Apa fungsi/piguna kang kinandhut sajrone TGWT ing Dhusun Ngrajek, 6) Kepriye pamawas masyarakat ngenani TGWT ing Dhusun Ngrajek.Asile panliten kang dionceki nganggo saperangan metodhe kang awujud primer lan sekunder ngasilake makna kang bisa diringkes sajrone sistem orientasi nilai budaya Jawa. TGWT dumadi saka saperangan prosesi kang minangka wujud saka rerangken TGWT, yaiku: Pasa/Tirakat, Jupukan Banyu Grojogan Sedudo lan Sumur Mbah Ageng, Ngamen Waranggana, Bancakan/Slametan, Arak-arakan Waranggana, Gembyangan Waranggana, Pentas Tayub. Dene ubarampe kang dienggo sajrone TGWT yaiku: Banyu Sedodo lan Sumur Mbah Ageng, Sega Tumpeng, Sesajen, Cundhuk Kembang Kanthil, Sampur, Godhong Waru, lan sapanunggalane. Saben prosesi kang ditindakake sajrone tradhisi iki nduweni makna lan fungsi tartamtu kang miturut pamawase masyarakat lan sesepuh Dhusun Ngrajek nduweni daya pangaribawa tumrap saben apa wae sajrone panguripane masyarakat ing kunu.

Tembung Wigati : Sistem Orientasi Nilai Budaya, Tradhisi Gembyangan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-05-15

How to Cite

DWI AHMADI, D., & SUKARMAN. (2020). Tradhisi Gembyangan Waranggana Tayub ing Dhusun Ngrajek Desa Sambirejo Kecamatan Tanjunganom Kabupaten Nganjuk (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 64 , PDF Downloads: 101