PRESUPOSISI SAJRONE TINDAK TUTUR ILOKUSI NGANDHARAKE ING DESA KARANGSAMBIGALIH, KECAMATAN SUGIO, KABUPATEN LAMONGAN

  • YAYUK SETYO RAHAYU
  • SUGENG ADIPITOYO

Abstract

Presuposisi mujudake salah siji jinise topik saka semantik pragmatis sajrone tindak tutur. Presuposisi wis kerep ditliti nanging sing munjer marang tindak tutur ilokusi ngandharake durung tau ana. Presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake ing Desa Karangsambigalih, Kecamatan Sugio, Kabupaten Lamongan mujudake pangira-ira panutur kang tuwuh ing tuturan ngandharake kang ditindakake dening warga Desa Karangsambigalih. Tujuwan utama panliten iki kanggo ngandharake lan njlentrehake presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake ing Desa Karangsambigalih, Kecamatan Sugio, Kabupaten Lamongan. Dene tujuwan mligi panliten iki kanggo ngandharake lan jlentrehake jinis lan titikan wujude presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake ing Desa Karangsambigalih, Kecamatan Sugio, Kabupaten Lamongan.

Panliten iki nggunakake teori semantik pragmatis kang digathukake karo teorine Yule (2006). Dhata ing panliten iki yaiku tuturan sing ngandut presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake. Dhata diklumpukake kanthi nggunakake metodhe semak, guneman, lan sadhap. Sabanjure dhata dijlentrehake kanthi metodhe deskriptif. Asil saka panliten iki ditemokake telung jinise presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake, yaiku eksistensial kang tuwuh ing limang stategi ngandharake yaiku nitiki, nggambarake, nandhingake, negesi, lan njlentrehake. Presuposisi faktif kang ditemokake tuwuh ing strategi nggambarake, nandhingake, lan njlentrehake. Banjur, presuposisi leksikal tuwuh ing strategi nggambarake lan njlentrehake. Titikan wujude presuposisi sajrone tindak tutur ilokusi ngandharake bisa katitik adhedhasar rakitane ukara awujud tembung sesulih panuduh lan tembung pangiket, dene adhedhasar surasane ukara tuturan awujud ukara carita.

Tembung wigati: Presuposisi, Tindak Tutur Ilokusi Ngandharake

Published
2020-05-15
How to Cite
SETYO RAHAYU, Y., & ADIPITOYO, S. (2020). PRESUPOSISI SAJRONE TINDAK TUTUR ILOKUSI NGANDHARAKE ING DESA KARANGSAMBIGALIH, KECAMATAN SUGIO, KABUPATEN LAMONGAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 139
PDF Downloads: 92