Tradhisi Gumbregan Mahesa ing Desa Banyubiru Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi (Tintingan Folklor)

Authors

  • AGNES WAHYU LARASITA
  • SUKARMAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25p

Abstract

Tradisi Gumbregan Mahesa diadhakake ana ing Kedhung gawe aduse kebo iki minangka wujud folklor setengah lisan sing ana ing Desa Banyubiru, Kecamatan Widodaren, kabupaten Ngawi. Tradhisi Gembregan Mahesa bisa disingkat TGM iki minangka tradhisi kang isih diuri-uri dening para masyakarat ing sakiwa tengene. TGM iki minangka pralambang ngenani wujud pangucap syukur asil panen lan wujud syukur amarga kebo-kebo isih diparangi sehat. Tradisi iki isih ngrembaka wiwit mbiyen nganti saiki lan dilakokake setaun pisan

Banjur ing undheran panlitene yaiku (1) Kepriye mula bukane TGM ing desa Banyubiru, (2) Kepriye tata laku adhicara TGM ing Desa Banyubiru, (3) Apa wae ubarampen kang ana ing adhicara TGM ing Desa Banyubiru (4) apa makna saka TGM ing Desa Banyubiru Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi, (5) Apa fungsi saka TGM ing Desa Banyubiru, (6) Kepriye upaya ngenani pelestarian TGM ing Desa Banyubiru. kabeh iku mau minangka wujud saka TGM sing nggunakake tinthingan Folklor setengah lisan

Panliten ing kene bisa menehi gambaran ngenani anane TGM ing Desa Banyubiru Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi kanthi tintingan folklor lan kanggo ndudhah perangan ngenani TGM kang dadi kabudayan Jawa, nambahi bab kawruh kanggone saperangan panliten lan liyane sing ngenani bab tradhisi Jawa sing mligine Upacara TGM ing desaBanyubiru Kabupaten Ngawi, Nglestarekake tradhisi Jawa mligine Upacara TGM ing Desa Banyubiru.

Supaya bisa mecahake apa sing dadi undhran panliten iki, kudu ngunakake konsep dan teori kang trep lan mathuk. Ngenani panliten iki kalebu panliten jinis folklor. Banjar nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. ana ing njero sumber dhata iki jinise ana loro yaiku sumber dhata primer dan sumber dhata sekunder.

Ngenani asile panliten iki ngandharake wujud panliten ana tata lakune yaiku: Musyawarah desa, Ngresiki desa, nyiapake piranti lan ubarampen, masak bebarengan, menehake panganan rakan, nyenthelake kupat lepet, slametan, nglumpukake kebo, arak-arakan tumpeng, kebo digiring kanggo mulih

Tembung-tembung wigati: wujud pangucap syukur, Tradhisi Gumbregan

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-05-17

How to Cite

WAHYU LARASITA, A., & SUKARMAN. (2020). Tradhisi Gumbregan Mahesa ing Desa Banyubiru Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 62 , PDF Downloads: 110