Campur Kode Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing SMK Negeri 4 Surabaya
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25pAbstract
Basa Jawa dhialeg Surabaya yaiku salah sawijining basa keanekaragaman kang ana ing Indhonesia. Basa iki ngrembakakanthi diarani basa Jawa kang paling kasar. Basa Jawa dhialeg Surabaya sering dienggo karo masyarakat Surabaya. Kelingan jaman kang modern iki uwis akeh para nom-noman kang sering nggunakake basa Jawa khas kanthi nyisipake basa Indhonesia, Inggris, Medura, lsp. Babagan kasebut bisa munculake anane campur kodhe. Campur kodhe yaiku panganggone rong basa utawa luwih kanthi cara nyisipake unsur-unsur basa siji ing basa liyane. Babagan iki sering ditemoni utamane ana ing arek nom-noman. Kadhang campur kodhe iki bisa kedadeyan tanpa disadari dening panutur kasebut lan uga ana kang pancen sengaja kanggo nglakoni campur kodhe kasebut. Sajrone panliten iki nggunakake teoricampur kodhe. Panliten kasebut uga kagolong panliten deskriptif kualitatif. Kedadeyane campur kodhe kasebut disebabake karo anane watesan tembung kang padha, pangaribawa pihak kaloro, kurang nguwasani kodhe basa kang digunakake, pangaribawa unsur prestise. Wujud campur kodhe uga ana tembung, frasa, lan klausa. Panliten iki nduwenitujuwan kanggo njabarake ngenani wujud campur kodhe kang ana sajrone basa Jawa dhialeg Surabaya ing SMK Negeri4 Surabaya lan njabarake dhata ngenani penyebab anane kedadeyan campur kodhe basa Jawa dhialeg Surabaya ing SMK Negeri 4 Surabaya. Sumber dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku anane cecaturan saka siswa-siswi SMK Negeri 4 Surabaya. Sajrone nglumpukake dhata uga nggunakake teknik rekam lan teknik cathet, sajrone nganalisis dhata kasebut nggunakake metodhe deskriptif komperatif.Kata Kunci: Campur kodhe, Basa Jawa, Dhialeg Surabaya, Deskriptif kualitatifDownloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2020-05-26
How to Cite
GUSAINI RIDWAN, S., & SURANA. (2020). Campur Kode Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing SMK Negeri 4 Surabaya. Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p
Issue
Section
Articles

