Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci Desa Bulusari Kecamatan Gempol Kabupaten Pasuruan (Tintingan Folklor)

Authors

  • CITRA RAKHMANIA
  • YOHAN SUSILO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25p

Abstract

Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci yaiku tradhisi kang ditindakake kanthi tujuwan kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti supaya diwenehi kalancaran anggone ngadhepi panguripan. Tradhisi iki tuwuh amarga anane rasa kapitayan masyarakat kanggo ngleksanani tradhisi kasebut. Panliten iki dikarepake bisa menehi pamawas tumrap masyarakat sarta kanggo nglestarikake kabudayan Jawa.

Underane panliten sajrone panliten iki, yaiku: 1) mula bukane; 2) tata lakune; 3) jinis ubarampe; 4) makna kang kinandhut; 5) fungsi kang kinandhut; sarta 6) nilai budaya kang kinandhut. Adhedhasar underane panliten kasebut, tuwuh anane ancase panliten, yaiku: 1) ngandharake mula bukane; 2) ngandharake tata lakune; 3) ngandharake jinis ubarampe; 4) ngandharake makna kang kinandhut; 5) ngandharake fungsi kang kinandhut; sarta 6) ngandharake nilai budaya kang kinandhut.

Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana ing panliten iki yaiku sumber dhata primer lan sumber dhata sekunder. Dhata kang diasilake awujud dhata lesan lan ora lesan. Objek panliten kang digunakake yaiku Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci. Instrumen panliten iki awujud panliti, dhaptar pitakonan, sarta piranti pambiyantu. Teknik pangumpulane dhata lumantar observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Babagan teknik analisis dhata migunakake analisis dheskriptif.

Asil panliten iki nuduhake wiwitane Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci kang ditindakake dening para warga kanggo wujud syukur marang Gusti. Tata laku sajrone panliten iki yaiku titi siyaga, titi laksana, lan titi purna. Ubarampe kang digunakake arupa sega kuning, tumpeng, pala pendhem, sarta cok bakal. Saben ubarampe nduweni makna kang dadi kapitayan masyarakat. Fungsi sajrone tradhisi iki yaiku minangka sistem proyeksi, piranti kanggo ngesahake pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan, piranti pendhidhikan, piranti kanggo meksa lan ngawasi aturan-aturan. Saliyane iku, uga ana fungsi liya yaiku minangka piranti hiburan, piranti tradhisi kang ngrembaka ing masyarakat, solidaritas sosial, nglestarikake budaya, lan ekonomi. Nilai budaya sajrone panliten iki yaiku nilai budaya gegayutan marang Gustine, gegayutan manungsa marang alam donya, lan gegayutane manungsa minangka makhluk sosial.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-05-26

How to Cite

RAKHMANIA, C., & SUSILO, Y. (2020). Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci Desa Bulusari Kecamatan Gempol Kabupaten Pasuruan (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 83 , PDF Downloads: 75