Karusakan Lingkungan Pesisir Segara sajrone Novel Podhang Ngisep Sari Anggitane Hari Jumanto (Tintingan Ekofeminisme)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25pAbstract
Novel Podhang Ngisep Sari ngandharake karusakan lingkungan kang dumadi ing pesisir segara ing Gunungkidul. Perkara karusakan lingkungan pesisir ndadekake kesadharane manungsa tumrap lestarine lingkungan, utamane paraga Yanti lan sakulwargane nduweni pakulinan ngresiki pesisir Pulang Sawal. Wiwit cilik Yanti wis diwulangi cara nglestarekake lan nylametakake lingkungan. Pakulinan kasebut kagawa Yanti nganti tumekane diwasa. Yanti saben sore menyang pesisir Pulang Sawal njupuki uwuh ing pesisir Pulang Sawal. Pakulinane Yanti kang ngresiki pesisir, narik kawegatene Indra. Indra minangka priya kang nyengkuyung perjuwangane Yanti nganti kasil ngedegake sawijine komunitas peduli lingkungan (Kabomuki). Andharan kasebut nuwuhake undheran panliten yaiku 1) Kepriye wujud karusakan lingkungan sajrone novel PNS?, 2) Kepriye wujud perjuwangan wanita sajrone nglestarekake lan nylametakake lingkungan sajrone novel PNS?, 3) kepriye panyengkuyunge priya tumrap perjuwangane wanita sajrone novel PNS?, 4) kepriye panyengkuyunge masarakat tumrap perjuwangane wanita sajrone novel PNS?. Perkara kasebut narik kawigaten ditliti nggunakake teori ekofeminisme sosialis transformatif kang mbabar priya lan wanita ajuwang kanthi bebarengan sajrone nylametakake lingkungan. Metodhe kang digunakake yaiku deskriptif kualitatif. Dhata primer sinumber saka novel Podhang Ngisep Sari anggitane Hari Jumanto, dhata sekunder sinumber saka buku referensi, lan surat kabar. Dhata dijupuk kanthi teknik pustaka lan dinjletrehake kanthi ndheskripsikake dhata. Instrument panliten yaiku panliti dhewe. Asile panliten kaperang dadi 4 yaiku, 1) Wujud karusakan lingkungan sajrone novel PNS, 2) Perjuwangane wanita nglestarekake lan nylametakake lingkungan sajrone novel PNS, 3) Panyengkuyunge priya tumrap perjuwangane wanita sajrone novel PNS, lan 4) Panyengkuyunge masarakat tumrap perjuwangane wanita sajrone novel PNS.Tembung-tembung wigati: karusakan lingkungan, perjuwangan, ekofeminisme.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2020-05-26
How to Cite
ROIKHATUL JANNAH, E., & ERNAWATI, Y. (2020). Karusakan Lingkungan Pesisir Segara sajrone Novel Podhang Ngisep Sari Anggitane Hari Jumanto (Tintingan Ekofeminisme). Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p
Issue
Section
Articles

