CITRANE WANITA MANDHIRI SAJRONE NOVEL KENDHAGA BENTHET ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN FEMINISME)

Authors

  • EVERYANA MURENDA
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25p

Abstract

Mbarengi lakune jaman sing sangsaya modhern akeh ditemoni wanita kang nduweni pangaribawa gedhe tumrap ngrembakane jaman. Bab kasebut bisa dideleng saka wanita kang nduweni pakaryan lan kabukti mumpuni sajrone bidhang kang diayahi. Wanita bisa nduweni kalungguhan kang padha dene priya saengga bisa nyukupi kabutuhane dhewe lan ora gumantung marang wong liya. Saliyane kuwi wanita bisa nemtokake kaputusan kanggo panguripane dhewe tanpa unsur kapeksan saka wong liya. Wanita kang kaya mangkono diarani wanita mandhiri. Topik ngenani wanita mandhiri narik kawigaten nganti weneh pangaribawa tumrap pangrembakane karya sastra. Salah sijine karya sastra kang nyitra wanita mandhiri yaiku novel kanthi irah-irahan Kendhaga Benthet anggitane Tulus Setiyadi. Adhedhasar andharan kasebut panliten iki nduweni telung underan yaiku (1) Kepriye citrane wanita mandhiri ing bab pakaryan, (2) Kepriye citrane wanita mandhiri ing bab neningkahan, lan (3) Kepriye citrane wanita mandhiri ing bab kulawarga. Saben-saben glintiran underan kasebut bakal kapantha maneh miturut wujud, motif, pepalang, lan cara mungkasi prakara kang tuwuh. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake citrane wanita mandhiri ing bab pakaryan, neningkahan, lan kulawarga dideleng saka wujud, motif, pepalang, lan cara mungkasi prakara sajrone novel Kendhaga Benthet. Novel Kendhaga Benthet iki bakal dionceki kanthi tintingan feminisme. Panliten iki kalebu jinis panliten dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten iki arupa tembung lan ukara sajrone novel Kendhaga Benthet anggitane Tulus Setiyadi. Dhata kang wis dikumpulake kanthi teknik maca, cathet, lan panglompokan diolah kanthi methodhe dheskriptif analitis kanthi cara njlentrehake data banjur dianalisis nganggo tintingan feminisme. Asil panliten iki nuduhake citrane wanita mandhiri ing telung aspek, yaiku (1) Ing bab pakaryan kang ditengeri saka paraga utama wanita nduweni pakaryan dhewe minangka juru warta, (2) Ing bab neningkahan bisa katitik saka anggone mangun bale wisma ora jalaran dijodhokake, lan (3) Ing bab kulawarga kabukti saka kasil mulyakake wong tuwane jalaran paraga utama wanita minangka anak ontang-anting kang nduweni tanggung jawab tunggal tumrap mulyane wong tuwa.
Tembung wigati: citra wanita, mandhiri, feminisme.




Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-05-29

How to Cite

MURENDA, E., & DARNI. (2020). CITRANE WANITA MANDHIRI SAJRONE NOVEL KENDHAGA BENTHET ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN FEMINISME). Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 86 , PDF Downloads: 197