Aktualisasi Dhiri Paraga Utama Sajrone Novel Kori Wus Tinarbuka Anggitane MM. Sri Haryanti, S.S (Psikologi Humanistik Abraham Maslow)

Authors

  • SITI ZUROTUL FARIDA FITRIANA
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25p

Abstract

Karya sastra minangka gegambaran kahanane masyarakat lan gegambaran perkara-perkara sajrone panguripane manungsa. Perkara-perkara kang diadhepi manungsa mau pranyata gegayutan karo kajiwane manungsa. Novel kanthi irah-irahan Kori Wus Tinarbuka anggitane MM. Sri Haryanti, S.S iki kapilih dadi objek sajrone panliten iki, amarga novel iki nduweni bab sing onjo ing perangan psikologis, mligine ing paraga utamane. Saliyane iku novel Kori Wus Tinarbuka iki uga nggambarake paraga utama sing nindakake proses aktualisasi dhiri, sawijining proses kanggo bisa nggayuh pakaryan supaya bisa urip sing laras karo pepenginane. Mula teori kang slaras kanggo nintingi babagan psikologise paraga utama kasebut digunakane pamarekan psikologi, mligine psikologi humanistik Abraham Maslow. Panliten iki ana telu underaning panliten ing antarane yaiku (1) wujud aktualisasi dhiri paraga utama, (2) babagan kang njurung aktualisasi dhiri paraga utama lan (3) pepalang kang diadhepi dening paraga utama ing proses aktualisasi dhiri. Adhedasar undheran panliten kasebut, ancasing panliten iki yaiku ngandharake wujud aktualisasi dhiri, babagan sing njurung aktualisasi dhiri lan pepalang kang diadhepi paraga utama nalika proses aktualisasi dhiri sajrone novel Kori Wus Tinarbuka. Dene paedahe panliten kanthi praktis yaiku bisa menehi rangsangan kanggo panliten sabanjure, uga kanggo titikan mangerteni karya sastra saengga bisa menehi kawruh sing luwih jembar ngenani bab psikologi humanistik Abraham Maslow.Panliten ngenani aktualisasi dhiri paraga utama sajrone novel Kori Wus Tinarbuka anggitane MM. Sri Haryanti, S.S iki mujudake panliten kualitatif kanthi ngasilake dhata desktiptif. Kanggo nintingi kajiwane paraga utama, mula digunakake tintingan sing laras, yaiku tintingan psikologi sastra kanthi pamarekan psikologi humanistik adhedhasar teori kapribadhen saka Abraham Maslow. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novel Kori Wus Tinarbuka kanthi dhata asil saka kagiyatan maca sumber dhata kanthi tliti. Asil saka panliten iki ditemokake telu undheran, kapisan wujud aktualisasi dhiri, wujud aktualisasi dhiri paraga utama sajrone Kori Wus Tinarbuka ditemokake nem titikan linandhesan saka 15 titikan pawongan kang nindakake proses aktualisasi dhiri sing diandharake dening Maslow, ing antarane yaiku (1 ) Nrima, (2) Mandhiri, (3) Spontan,prasaja, lan wajar, (4) Nduweni kawigaten sosial, (5) Kabutuhan privasi lan (6)Kreatif. Kapindo, babagan kang njurung aktualisasi kasebut. Kaping telu, diandharake ngenani pepalang kang diadhepi paraga utama kang cacahe ana loro sing bisa kajupuk saka panliten sajrone novel Kori Wus Tinarbuka anggitane MM. Sri Haryanti, S.S

Tembung wigati : Aktualisasi dhiri, Psikologi Humanistik, Urip Mandhiri


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-05-29

How to Cite

ZUROTUL FARIDA FITRIANA, S., & DARNI. (2020). Aktualisasi Dhiri Paraga Utama Sajrone Novel Kori Wus Tinarbuka Anggitane MM. Sri Haryanti, S.S (Psikologi Humanistik Abraham Maslow). Jurnal Online Baradha, 14(5). https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 54 , PDF Downloads: 48