Mbandhingake Dongeng Roro Jonggrang lan Dongeng Tangkuban Perahu(Tintingan Sastra Bandhingan)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25pAbstract
Dongeng yaiku salah sijine crita rakyat (folklore) kang cukup nduwehi maneka werna. Dongeng minangka karya sastra fiksi kang isih ngrembaka ing bebrayan masyarakat. Saben dhaerah ing Indonesia nduwehi maneka werna jinis crita dongeng. Senadyan mangkono ana saperangan dongeng sing emper-emperan kayata dongeng kang ditliti iki yaiku dongeng Roro Jonggrang lan dongeng Tangkuban Perahu. Kaloro dongeng iki emper-emperan ngenani unsur intrinsik. Mula saka kuwi panliten nliti ngenani tema, latar lan paraga. Ancas saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni babagan kang padha lan pambeda banjur dibandhingake nganggo tintingan sastra bandhingan. Sajrone panliten iki teori sing digunakake yaiku afinitas kang gegayutan karo unsur intrinsik. Panliten iki mujudake panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku dhata sekunder, dhata kang diolehi kanthi cara maca, nyinaoni, lan mahami lumantar kaloro dongeng kasebut. Wujud dhata panliten awujud kutipan-kutipan sajrone crita. Tata cara nglumpukake dhata sing dilaksanakake panliten yaiku tata cara maca lan nyatet. Asiling panliten iki nuduhake antarane dongeng Roro Jonggrang lan Dongeng Tangkuban Perahu nduwehi crita kang emper-emperan antarane siji lan sijine. Emper-emperan kang dimaksud ana sajrone unsur intrinsik. Saka kaloro dongeng iku nuwuhake bandhingan ngenani tema, latar lan paraga.
Tembung Wigati : Sastra Bandhingan, Dongeng, Unsur Intrinsik.Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

