DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25pAbstract
Yeny Windy Pratiwi
S-1 Jurusan Basa lan Sastra Dhaerah, Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Drs. Bambang Purnomo, M.S
Dhosen Jurusan Basa lan Sastra Dhaerah, Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Abstrak
Cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero sinusun kanthi tetembungan sing prasaja nanging tetep ngemu kaendahan. Tiyasti ngripta cerbung iki kanthi munjerake marang kahanan sosial, mligine ngenani derdah. Derdah kaya-kaya ora bisa dipisahake saka masyarakat ing bebrayan agung. Saben wong cinipta kanthi duweni watak sing beda, saengga derdah ora bisa dipenggak maneh. Bab liya sing narik kawigaten saka cerbung iki yaiku anane kulawarga sing nuwuhake derdah. Kulawarga sing nduweni bleger ayem tentrem banget pranyata bisa nuwuhake derdah ing kulawarga sajrone cerbung.
Underan panliten yaiku: 1) Apa teges lan maknane mikul dhuwur mendhem Jero sajrone sistem sosial budaya masyarakat Jawa? 2) Kepriye gegambaran derdah arupa konflik sosial kulawarga sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti? 3) Kepriye relevansi/gegayutan nilai-nilai etika sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti? 4) Apa wae nilai-nilai sing diugemi masyarakat masyarakat lan apa sesambungane konflik sosial kulawarga karo kanyatan saiki sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti? Tujuwan panliten yaiku: 1) Njlentrehake Apa teges lan maknane mikul dhuwur mendhem Jero sajrone sistem sosial budaya masyarakat Jawa. 2) Njlentrehake gegambaran derdah arupa konflik sosial kulawarga sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti. 3) Njlentrehake relevansi/gegayutan nilai-nilai etika sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti. 4) Njlentrehake apa wae nilai-nilai sing diugemi masyarakat masyarakat lan apa sesambungane konflik sosial kulawarga karo kanyatan saiki sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendhem Jero anggitane Tiyasti.
Panliten iki uga nduweni paedah, yaiku: 1) bisa menehi motivasi nuwuhake idhe-idhe kang kreatif lan inovatif lan panliten sabanjure bisa luwih becik. 2) Panliten diajab supaya bisa ndadekake asile panliten digunakake minangka medhia kanggo pasinaonan, mligine Mahasiswa. Tumrap panliti diajab bisa ngecakake kawruh lan katrampilan sing wis ditampa. 3) Panliten iki diajab supaya digunakake kanggo pasinaonan basa Jawa mliginne pasinaonan ngenani sastra lan bisa ndadekake piwulangan kang bisa dadi patuladhan panguripan ing masyarakat.
Panliten kang nintingi babagan derdah sajrone cerbung Mikul Dhuwur Mendem Jero anggitani Tiyasti iki ditliti nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Metodhe dheskriptif kualitatif dirasa trep amarga ora nengenake marang angka-angka nanging luwih nengenake babagan tetembungan..
Asiling panliten iki yaiku: 1) Anak Kudu Nuduhake Tumindak sing Becik. 2) Anak Kudu Manut Wong Tuwa. 3) Ngluhurake Wong Tuwa Kanthi Nengenake Pendhidhikan. 4) Anak Kudu Mendhem Wirange Wong Tuwa. 5) Njunjung Dhuwur Adat Leluhur. Panyebab Dumadine Derdah: 1) Karakteristik Saben Pawongan sing beda. 2) Budaya Sing Beda. 3) Kapreluwan Sing Beda. Pamungkase Derdah yaiku: 1) Damai, 2) Kemenangan Salah Siji Pihak.
Tembung wigati: derdah, cerbung, kulawarga, anak
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

