Mitos Sumur Gemuling Ing Desa Sumberejo Kecamatan Ambulu Kabupaten Jember (Tintingan Strukturalisme Levi-Strauss)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v14n5.p%25pAbstract
Mitos Sumur Gemuling isih kagolong folklore lisan. Mitos sumur gemuling iki manggon ing Desa Sumberejo Kecamatan Ambulu Kabupaten Jember. Underan saka panliten iki: (1) Kepriye mula bukane, (2) Kapitayane apa wae, (3) Simbol lan makna sajrone kapitayan, (4) Fungsi, lan (5) Nilai budaya. Panliti migunakake metodhe deskriptif kualitatif. Nalika nglumpukake dhata panliti migunakake teknik observasi, dhokumentari, wawancara, nyatet, lan rekam. Panliti uga migunakake teori Levi-Strauss kanggo ngudar bab mitos, konsep Pierce kanggo ngudar simbol, konsepe Djamaris kanggo ngudar nilai budaya, konsepe Bascom kanggo ngudar fungsi.
Anane Mitos Sumur Gemuling iki uga ana gegayutane marang mula bukane papan panggonane yaiku desa Sumberejo. Saliyane iku mitos iki ngasilake kapitayan kanggo masyarakat sakupenge yaiku mantenan, pesugihan, banyu sekti, sowan juru kuncine, ziarah Jemuwah wage lan Jemuwah pon. Tradhisi sing ana yaiku tahlilan, haul, slametan. Ubarampene ing tradhisi iki ana makna lan simbole tuladhane ambeng sing ana kripik, pitik pangganan, urap-urapan, jajan pasar, pala pendhem. Saliyane iku uga ana piguna yaiku minangka alat pengesahane budaya, sistem proyeksi, pendhidikan, alat kendhali sosial. Saliyane iku ana piguna liya-liyane tuladhane bisa nentremake atine, lan bisa ngalap berkah sing dijaluk. Nilai budaya uga tuwuh sajrone Mitos Sumur Gemuling yaiku nggayutake manungsa karo pangeran, nggayutake manungsa karo alam, nggayutake manungsa karo bebrayan, nggayutake manungsa karo manungsa liya, nggayutake manungsa karo awake dhewe.
Tembung Wigati : Mitos, Sumur Gemuling, Bebrayan.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

