TRAUMA KAJIWAN SAJRONE NOVEL NGOYAK OMBAK SEGARA KIDUL ANGGITANE MARGARETH WIDHY PRATIWI (KAJIAN PERSPEKTIF PSIKOLOGI ABNORMAL)

  • ANNISATUL ZULAIKHA
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract

Novel Ngoyak Ombak Segara Kidul anggitane Margareth Widhy Pratiwi mujudake salah sawijine asil karya sastra modern kang ngandharake ngenani trauma kajiwan kang dialami dening para paragane sajrone crita. Trauma yaiku salah sawijine kedadeyan kang luwar biyasa lan bisa nuwuhake tatu arupa psikis lan fisik utawa kaloro-lorone tumrap manungsa kang diolehake amarga anane kedadeyan luwar biyasa kang mbebayani kanthi cara langsung utawa ora langsung. Adhedhasar andharan kasebut, underan panliten iki diperang dadi telung prakara yaiku (1) Kepriye wujud trauma kajiwan sajrone novel NOSK, (2) Kepriye tanggapan traumatik tumrap kedadeyan trauma kang dialami paraga sajrone novel NOSK, lan (3) Kepriye teknik kang digunakake pangripta kanggo nggambarake trauma kajiwan para paraga sajrone novel NOSK. Mula, ancase panliten iki yaiku (1) Ngandharake wujud trauma kajiwan sajrone novel NOSK, (2) Ngandharake tanggapan traumatik tumrap kedadeyan trauma kang dialami paraga sajrone novel NOSK, lan (3) Ngandharake teknik kang digunakake pangripta kanggo nggambarake trauma kajiwan para paraga sajrone novel NOSK.

Teori kang digunakake sajrone paliten iki yaiku teori perspektif psikologi abnormal miturut Kartono, ing ngendi dhata-dhata kang digunakake ngandhut sudhut pandhang kang asipat abnormal. Panliten iki uga mujudake panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten yaiku arupa novel NOSK. Panliten fokus ing prakara kang nduweni sambung-rapet karo prakara ngenani trauma kajiwan kang dialami dening paraga sajrone crita. Dhata-dhatane arupa tembung, frasa, ukara lan paragraf kang diolehake lumantar cecaturan antara para paragane sajrone novel. Dhata kasebut diolehake kanthi teknik maca lan nyathet (study pustaka), dene kanggo njenltrehake dhata kanthi cara ndheskripsekake.

Asil saka panliten sajrone novel NOSK yaiku (1) wujud trauma kajiwan kang dialami dening paraga Astuti utawa Aning lan paraga Bu Parti. Wujud trauma kajiwan kang dialami dening paraga Astuti diperang dadi loro yaiku gangguan stress paska trauma (PTSD) lan gangguan pangeling-eling, dene wujud trauma kang dialami dening paraga Bu Parti yaiku arupa PTSD. Gangguan stress paska traumatik diperang dadi telu titikan yaiku ngeling-eling kedadeyan kang nuwuhake traumatik, pangendhanan (penghindaran) lan hyperarousal; dene gangguan pangeling-eling diperang dadi loro yaiku amnesia (amnesia infantil) lan paramnesia (de javu); (2) Tanggapan traumatik tumrap kedadeyan trauma kang dialami paraga Astuti lan Bu Parti. Tanggapan kasebut diperang dadi papat aspek yaiku aspek kognitif, aspek fisiologi, aspek emosional lan aspek perilaku. Sabanjure, (3) Teknik kang digunakake pangripta kanggo nggambarake trauma kajiwan kang dialami paraga Astuti lan paraga Bu Parti sajrone novel. Teknik kasebut diperang dadi loro yaiku teknik ekspositori (langsung) lan teknik dramatis (ora langsung). Tenik dramatis kanggo nggambarake paraga Astuti diperang dadi telu perangan yaiku lumantar tumindake paraga, cecaturan paraga lan pamikir utawa pangrasane paraga, dene paraga Bu Parti digambarake lumantar teknik tumindake paraga, tanggapan paraga liya lan pamikir utawa pangrasane paraga sajrone crita. Lumantar asile panliten iki, panliti uga nduweni pangajab marang pamaca supaya bisa manfaatake pengetahuan ngenani trauma kajiwan kang nduweni sambung-rapet marang psikologi abnormal saengga bisa didadekake wawasan kanggo mawas dhiri lan ngrembakake wujud tumindak kang luwih positip.

Tembung-tembung wigati: trauma, psikologi abnormal, paraga lan Post Traumatic Stress Disorder (PTSD)

Published
2020-06-05
How to Cite
ZULAIKHA, A., & ERNAWATI, Y. (2020). TRAUMA KAJIWAN SAJRONE NOVEL NGOYAK OMBAK SEGARA KIDUL ANGGITANE MARGARETH WIDHY PRATIWI (KAJIAN PERSPEKTIF PSIKOLOGI ABNORMAL). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 141
PDF Downloads: 84