TINDAK TUTUR INFORMATIF SAJRONE KHOTBAH KEBAKTIAN MINGGU ING GREJA KRISTEN JAWI WETAN ING KUTHA SURABAYA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
PURWO PRASETYO YUWONO
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Purwayuwana47@Gmail.com
Abstrak
Panliten ngenani tindak tutur wis akeh kang nliti nanging panliten kang nliti tindak tutur sajrone khotbah isih arang. Panliten sadurunge mung ngandharake ngenani wujude tindak tutur lan dayane tindak tutur ing masyarakat. Asil saka panliten iku mung ngandharake undha usuke basa lan interfensi basa. Bedane panliten tindak tutur ing khotbah iki luwih nengenake strategine penutur lan isi sajrone khotbah iku dhewe. Panliten ora mung niliti khotbah sagreja, nanging khotbah ing Greja sakutha Surabaya. Adhedhasar alesan iki bisa ditegesi yen panliten iki isih durung ditliti.
Punjere panliten iki, yaiku tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja kristen Jawi wetan ing kutha Surabaya. Dene kang dadi undere panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya; (2) apa wae strategi tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya; lan (3) apa wae isine tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya. Adhedhasar punjere panliten iki mula kang dadi tujuwane panliten iki, yaiku (1) ngandharake wujude tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetaning Kutha Surabaya; (2) ngandharake starategi tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetaning Kutha Surabaya; lan (3) ngandharake isine tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian mingguing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya.
Landhesan teori kang digunakake ing panliten iki, yaiku teorine Austin, Searle, Brown lan Levinson. Austin ngandharake tindak tutur iku ukara kang diwedharake dudu pawarta, nanging kalebu ing tumindak. Banjur Searle ngandharake yen saben tuturan minangka tumindak kang pungkasan. Dene Brown lan Levinson ngandharake tindak tutur iku ukara kang ngemu teges kang gumantung saka kahanan.
Panliten ngenani tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya iki kalebu panliten linguistik sinkronis amarga nliti basa kang digunakake nalika saiki. Panliten iki asipat dheskriptif analisis. Dhata panliten iki, yaiku tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya. Dene sumber dhatane, yaiku tuturan kang dituturake penutur kang ditindakake dening pendhita ing Greja Kristen Jawi Wetan ing kutha Surabaya. Dhata iki dikumpulake nggunakake metodhe semak lan cakap. Saka dhata kang wis diolehi, banjur dhatane ditranskripsi lan diklasifikasi. Sawise dijlentrehake banjur asile dhata kang wis dijlentrehake iku disuguhake nggunakake metodhe formal lan informal.
Wujude tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetaning Kutha Surabaya ana rolas yaiku hedge, rangu-rangu, pasarujukan, hibrida, panggenah, asesulih, struktur pilihan, panyilak, paneges, eliptik, metafor, wancahan. Strategi kang bisa digunakake ing tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya ana wolu yaiku menehi pitutur, mbiwarakake, martakake, nandhesake, nglapurake, nuduhake, nyritakake, menehi paseksen, wolung strategi iku mau nggunakake kanthi cara blaka. Sabanjure yen nggunakake kanthi cara samudana strategi kang bisa digunakake ana lima yaiku menehi pitutur, martakake, nandhesake, nuduhake, nyritakake. Dene isine tindak tutur informatif sajrone khotbah kebaktian minggu ing Greja Kristen Jawi Wetan ing Kutha Surabaya ana telu yaiku firman, dhogma lan tafsir.
Tembung wigati: tindak tutur, informatif, dhogma, lan tafsir
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

