SET LAN KOLOKASI SAJRONE UPACARA PANGGIH PENGANTEN ING KECAMATAN BERBEK KABUPATEN NGANJUK

Authors

  • FARIDA TRI UTAMI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

FARIDA TRI UTAMI 

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH (JAWA)

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGRI SURABAYA

 

ABSTRAK

 

 

            Set lan kolokasi iku diandharake sesambungan  karo bab wilayahe teges. Set iku nuduhake jinise sipat sesambungan paradigmatik, dene kolokasi iku nuduhake jinise sipat sesambungan sintagmatik. Saliyane iku, set lan kolokasi uga bisa diandharake adhedhasar sakabehe kanyatan ing alam donya lan kabudayan,  kaya dene upacara panggih penganten kang mujudake salah sawijine kabudayan jawa. Adhedhasar andharan kasebut, objek  panliten  yaiku set lan kolokasi sajrone upacara panggih penganten ing Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk, amarga tetembungan kang dinggo sajrone upacara panggih penganten iku tembung basa jawa kang asipat produktif lan frekuwentif kang ana sajrone wilayah kang padha, saengga tembung kasebut kerep owah saka maknane.

            Adhedhasar andharan ing ndhuwur punjere panliten iki yaiku ngenani set lan kolokasi sajrone upacara panggih penganten ing Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk, dene kang dadi undherane panliten yaiku: (1) Apa wae jinise sipat sesambungan paradhigmatik ing set sajrone upacara panggih penganten ing Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk?; lan (2) Apa wae jinise sipat sesambungan sintagmatik ing kolokasi sajrone upacara panggih penganten ing Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk?. Mula adhedhasar prakara kasebut, tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sipat sesambungan paradhigmatik ing set lan jinise sipat sesambungan sintagmatik ing  kolokasi sajrone upacara panggih penganten ing dhaerah kasebut.

            Konsep-konsep ngenani set lan kolokasi ing upacara panggih penganten kaperang dadi loro yaiku konsep ngenani set kang nuduhake sipat sesambungan paradhigmatik lan konsep ngenani kolokasi kang nuduhake sipat sesambungan sintagmatik.  Set lan kolokasi perangan saka wilayahe teges (semantic field). sabanjure upacara panggih penganten minangka plataran set lan kolokasi.

            Panliten set lan kolokasi sajrone upacara panggih penganten iki sipate deskriptif analisis. Dhata kang ana ing panliten iki dijupuk panliti ing lapangan kang arupa vidhio upacara panggih penganten ing Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk. Sumber dhatane yaiku saka  vidhio dokumentasi, informan, buku, lan kamus. Tatacara panglumpuke dhata nganggo metode observasi kanthi teknik  nyemak lan cathet, banjur metode semak lan cakap. Tatacara panyuguhe asil panjlentrehe dhata nganggo cara formal lan informal , dene panjlentrehe dhata kanthi cara diidentifikasi lan diklasifikasi adhedhasar jlentrehan komponen makna lan jlentrehan struktur batin.

            Set lan kolokasi sajrone upacara panggih penganten diandharake lan dijlentrehake adhedhasar jinise sipat sesambungan paradhigmatik ing set lan jinise sipat sesambungan sintagmatik ing kolokasi. Jinise sipat sesambungan paradigmatik ing set yaiku ana set sajinis lan maneka werna, set mirunggan lan umum, banjur set kuwasa lan ora kuwasa, dene jinise sipat sesambungan sintagnatik ing kolokasi yaiku ana kolokasi dhistribusi, kolokasi enkapsulasi, lan kolokasi ekstensi. Mula adhedhasar bab kasebut bisa dingerteni yen tembung-tembung kang  ora dhistribusi, tegese tembung kasebut mung ana sajrone upacara panggih penganten utawa asipat kuwasa, banjur yen tetembungan kasebut dhistribusi, mula tembung-tembung kasebut ora mung ana sajrone upacara panggih penganten utawa asipat ora kuwasa, banjur saliyane kuwi tembung-tembung kasebut uga ana kang nduweni teges entar, saengga mujudake ekstensi.

 

 

Tembung wigati : tetembungan, set, kolokasi, paradhigmatik, sintagmatik

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-29

How to Cite

TRI UTAMI, F. (2013). SET LAN KOLOKASI SAJRONE UPACARA PANGGIH PENGANTEN ING KECAMATAN BERBEK KABUPATEN NGANJUK. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 60 , PDF Downloads: 82