SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BIDHANG PANGUPAJIWANE WONG JAWA, SUBBIDHANG OLAH KAPRIBADEN ING KECAMATAN WATES, KABUPATEN KEDIRI

  • ELOK FARIDAH SHOLAH
  • SUGENG ADIPITOYO

Abstract

Masyarakat ing Kabupaten Kediri, mligine ing Kecamatan Wates isih ana sing dadi paniti busana lan juru paes manten. Paniti busana lan juru paes manten iki kalebu bidhang pangupajiwane wong Jawa, subbidhang olah kapribaden. Sajrone subbidhang olah kapribaden kuwi mau, mesthi wae ana tetembungan-tetembungan kang digunakake. Tetembungan-tetembungan kasebut sasuwene iki mung digunakake tanpa ana sing weruh tetembungan kasebut tetembungan asli saka subbidhang olah kapribaden utawa ora. Mula, dilaksanakake panliten ngenani sesambungan semantis paradhigmatik lan sintagmatik sajrone tetembungan bidhang pangupajiwane wong Jawa, subbidhang olah kapribaden ing Kecamatan Wates, Kabupaten Kediri.

Underane panliten iki yaiku (1) apa wae jinise sesambungan semantis paradhigmatik sajrone tetembungan bidhang pangupajiwane wong Jawa, subbidhang olah kapribaden ing Kecamatan Wates, Kabupaten Kediri lan (2) apa wae jinise sesambungan semantis sintagmatik sajrone tetembungan bidhang pangupajiwane wong Jawa, subbidhang olah kapribaden ing Kecamatan Wates, Kabupaten Kediri. Teori sing digunakake ing panliten iki yaiku teori jlentrehan perangane teges lan jlentrehan struktur batin. Metodhe panliten kang digunakake yaiku metodhe semak lan wawancara. Adhedhasar panliten iki ditemokake yen sesambungan semantis paradhigmatik hiponim, kohiponim, hipernim, lan kohipernim ana 13 jinis. Tetetembungan kang asipat netep ana 333 lan sing ora netep cacahe ana 357. Tetembungan kang enkapsulatif cacahe ana 333, kang arupa dhistributif kadhar dhuwur cacahe ana 52, lan kang dhistributif kadhar sedhengan ana 305 tetembungan. Saengga bisa dijupuk dudutan yen tetembungan sing asli ana 48% lan sing ora asli ana 52%.

Tembung wigati: sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, tetembungan, juru paes, lan paniti busana.
Published
2020-06-08
How to Cite
FARIDAH SHOLAH, E., & ADIPITOYO, S. (2020). SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BIDHANG PANGUPAJIWANE WONG JAWA, SUBBIDHANG OLAH KAPRIBADEN ING KECAMATAN WATES, KABUPATEN KEDIRI. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 54
PDF Downloads: 30