WUJUD LAN CAKRIKE PAWADAN ING BASA JAWA

Authors

  • LIMA PURNAMA SARI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

 (limapurnamasari5@gmail.com)

 

 

Abstrak

                   Pawadan iku mujudake salah sijine cara utawa tatacarane wong guneman marang liyan sing ing antarane supaya ora nglarani ati, ora ngasorake, ora meksa, lan sapanunggalane. Pawadan iki ana ing basa Inggris diarani hedge.

Ing pasrawungan bebrayan Jawa akeh-akehe digunakake tuturan sing ora langsung. Salah sijine wujud tuturan ora langsung sing asring ditemokake lan digunakake dening bebrayan Jawa sajrone pasrawungan yaiku basa pawadan. Adhedhasar bab kasebut, mula panliten ing babagan pawadan, narik kawigaten kanggo ditliti.

Sing dadi underane panliten ing panliten iki, yaiku: (1) kepriye wujude pawadan ing basa Jawa?, lan (2) kepriye cakrike pawadan ing basa Jawa?. Dene tujuwane panliten, yaiku kanggo meruhi gegambaran sing lengkap lan objektif ing babagan: (1) wujude pawadan ing basa Jawa, lan (2) cakrike pawadan ing basa Jawa.

Landhesan teori sing digunakake ing panliten iki yaiku babagan paramasastra sing gegayutan klawan ancangan struktural sing digunakake ing sajrone panliten iki. Teori pamerange wujude pawadan nggunakake teorine Salager-Meyer. Lan teori pamerange cakrike pawadan nggunakake teorine Subagyo.

Panliten iki kalebu panliten kualitatif. Ancangan sing digunakake ing kene yaiku ancangan struktural. Dhatane panliten yaiku tuturan sing ngemot wujud lan cakrike pawadan ing basa Jawa. Sumber dhata ing panliten iki yaiku kalawarti Jaya Baya sing terbit taun 2012 edisi 44 nganti tekan edisi 52. Instrumen dhata sing utama yaiku panliti dhewe. Tatacarane ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake metode simak lan metode baca. Panintinge dhata nggunakake analisis etnografis, analisis fenomenologis, lan analisis hermeneutis. Panyuguhe dhata nggunakake metode informal.

Asile panliten sing ditemokake saka pangumpule lan panafsire dhata, yaiku wujude pawadan ing basa Jawa ana pitung jinis, yaiku (1) wujud pawadan cakrik pambantuning tembung kriya, (2) wujud pawadan cakrik pratelaning tembung kriya, (3) wujud pawadan tembung kaanan, tembung aran, lan tembung katrangan, (4) wujud pawadan pangira-ira pepangkatan, akeh lan orane, kerep lan orane, sarta titi mangsa, (5) wujud pawadan tembung, gatra, lan ukara gatra sing mratelakake lantaran, (6) wujud pawadan gatra sing mratelakake pangira-ira, (7) wujud pawadan gandheng renteng. Lan cakrike pawadan ing basa Jawa ana patang werna, yaiku (1) pawadan cakrik tumandang, (2) pawadan cakrik pakon tanggap, (3) pawadan cakrik sananta, (4) pawadan cakrik tandang.

 

Tembung wigati: wujude pawadan, cakrike pawadan

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-29

How to Cite

PURNAMA SARI, L. (2013). WUJUD LAN CAKRIKE PAWADAN ING BASA JAWA. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 100 , PDF Downloads: 45