PENGEMBANGAN MEDIA COMPUTER-ASSISTED INSTRUCTION (CAI) KANGGO PIWULANGAN APRESIASI CRITA WAYANG KANTHI LAKON SANG DEWABRATA PRASETYA KELAS VII SMP NEGERI 2 JOMBANG TAUN PIWULANGAN 2012/2013

Authors

  • KHUSNUL FATIMAH

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

KHUSNUL FATIMAH

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

 

Abstrak

 

Piwulangan Basa Jawa minangka salah sijine sarana piwulangan moral kanggowong Jawa. Bab kang salaras karo tujuwan kasebut yaiku piwulangan ngenani crita wayang kang ngandhut sawenehing nilai-nilai kang luhur. Piwulangan apresiasi crita wayang ing kelas VII SMPN 2 Jombang durung tau diwenehake.  Adhedhasar asil angket idhentifikasi kabutuhan lan karakteristik siswa, diasilake HP rata-rata saka 3 sampel 1,84 kang klebu kategori kurang njangkepi kompetensi, saengga dibutuhake pengembangan media. Adhedhasar asil analisis angket kasebut, media kang salaras karo karakteristike siswa yaiku media abasis komputer (CAI).

Underaning panliten ing panliten pengembangan iki, yaiku (1) Kepriye proses pengembangan media CAI kanggo piwulangan apresiasi crita wayang?; (2) Kepriye efektivitas produk media CAI ing piwulangan apresiasi crita wayang; (3) Kepriye respone siswa sawise nggunakake media CAI kanggo piwulangan apresiasi crita wayang?; (4) Kepriye biji afektife siswa ing piwulangan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya nganggo media CAI?. Hipostesis ing panliten iki yaiku Ha: media CAI ngundhakake kawasisan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya siswa kelas VII SMPN 2 Jombang; H0: media CAI ora ngundhakake kawasisan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya siswa kelas VII SMPN 2 Jombang. Tujuwan panliten iki salaras karo underaning panliten, yaiku (1) Ngandharake proses pengembangan media CAI; (2) Ngandharake efektivitas produk media CAI; (3) Ngandharake respone siswa sawise nggunakake media CAI; (4) Ngandharake biji efektife siswa ing piwulangan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya nganggo media CAI.

Panliten iki minangka panliten pengembangan, yaiku panliten sing digunakake kanggo ngasilake produk tartamtu lan nguji tingkat efektivitase produk kasebut. Langkah-langkah pengembangan media CAI kaya dene langkah sing diandharake Sadiman, yaiku nganalisis kabutuhane siswa, ngrumusake tujuwan, butir materi, piranti kanggo ngukur asil pasinaon, nulis naskah media, uji coba naskah, revisi naskah. Sabanjure nindakake produksi media CAI adhedhasar naskah media sing wis direvisi. Efektivitas media ditemtokake nganggo metode eksperimen, kanthi modhel  Quasi Experimental Design awujud Nonequivalent Control Group Design utawa pretest-posttes control grup design. Populasi ing eksperimen iki yaiku siswa kelas VII SMPN 2 Jombang. Saka sampel kasebut dipilih 2 kelas, yaiku kelas VII B minangka kelas kontrol lan VII F minangka kelas eksperimen.nIng kene uga digunakake kelas uji instrumen kanggo nguji layak orane instrumen media CAI, yaiku kelas VII C.

Sawise media diproduksi, sabanjure nguji validitase marang ahli materi lan ahli media. Saka  ahli materi, yaiku dosen PBD lan guru basa Jawa, media dinyatakake layak kanthi persentase pambiji 79%, kang kagolong apik. Saka ahli media oleh oleh pambiji apik banget, kanthi persentase 83%. Sawise divalidasi dening para ahli, media CAI banjur diuji efektivitase.

Sadurunge diuji efektivitase media CAI ing piwulangan apresiasi crita wayang, instrumen media kasebut luwih dhisik diuji reabilitase ing kelas uji instrumen. Adhedhasar pangitungan reabilitas tes objektif lan subjektif, instrumen media dinyatakake reliabel saengga instrumen layak digunakake kanggo panliten efektivitase media CAI.Efektivitas media CAI kang dikembangake ditemtokake adhedhasar signifikansi asil pasinaone siswa kelas kontrol lan kelas eksperimen. Adhedhasar pangitungan efektivitas piwulang ing kelas kontrol lan kelas eksperimen nganggo rumus paired sample t-testdiolehake biji thitung = 5> ttabel (0,05 db = 58) = 2,021, kang kagolong signifikan saengga bisa didudut yen media CAI ngundhakake kawasisan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya siswa kelas VII.

Adhedhasar analisis angket respon siswa kelas uji instrumen dipikolehi persentase pambiji 89% kang kagolong apik banget. Semono uga respon siswa kelas eksperimen uga kagolong apik banget kanthi pambiji 90%. Adhedhasar RPP berkarakter, mula afektife siswa kelas VII uga dibiji. Indikator afektif ana 2, yaiku perilaku berkarakter lan keterampilansosial. Indikator perilaku berkarakter sing dibiji ana 2, yaiku ngenani tata krama lan kajujuran. Indikator keterampilan sosial uga ana 2, yaiku menehi pitakonan lan menehi tanggapan tumrap saben pitakonan. Biji perilaku berkaraktere siswa kelas kontrol yaiku C kang kagolong cukup, dene kelas eksperimen oleh biji B kang kagolong apik. Biji keterampilan sosiale kelas kontrol uga oleh C lan kelas eksperimen oleh B. Mula saka iku, bisa didudut yen biji afektife kelas kontrol kagolong cukup lan kelas eksperimen kagolong apik.

Simpulan saka panliten iki kanggo mbuktekake hipotesis, yaiku ana bebeda kang signifikan antarane asil pasinaon kelas kontrol lan eksperimen. Mula saka iki bisa dimangerteni yenH0 ditolak lan Ha ditampa, ateges media CAIngundhakake kawasisan apresiasi crita wayang Sang Dewabrata Prasetya siswa kelas VII SMPN 2 Jombang.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-29

How to Cite

FATIMAH, K. (2013). PENGEMBANGAN MEDIA COMPUTER-ASSISTED INSTRUCTION (CAI) KANGGO PIWULANGAN APRESIASI CRITA WAYANG KANTHI LAKON SANG DEWABRATA PRASETYA KELAS VII SMP NEGERI 2 JOMBANG TAUN PIWULANGAN 2012/2013. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 24 , PDF Downloads: 28