Kacingkrangan sajrone Antologi Cerkak Rembulane Wis Ndhadhari Anggitane Sri Setya Rahayu

Authors

  • RIFQOH ZUMRUDAH
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%25p

Abstract

Abstrak

Salah sawijine kasusastran Jawa sing ngrembaka yaiku cerkak, cerkak minangka salah sawijine karya prosa kang nduweni alur crita sing cekak lan bisa diwaca salunguhan. Cerkak iki ngandharake kaweruh bab kacingkrangan sajrone Antologi Cerkak Rembulane Wis Ndhadhari Anggitane Sri Setya Rahayu. Saperangan bab kang bakal diandharna ing panliten iki antarane: (1) kepriye kahanane kacingkrangan kang ana ing ACRWN?, (2) kepriye sebab kacingkrangan kang ana ing ACRWN?, (3) kepriye akibate kacingkrangan kang ana ing ACRWN?, 4) kepriye upaya kanggo ngrampungi kacingkrangan kang ana ing ACRWN?, (5) kepriye gayutane kacingkrangan kang ana ing ACRWN karo ralitas sosial ing bebrayan?. Ancas panliten iki kanggo njelentrehake kacingkrangan kang ana ing Antologi Cerkak Rembulane Wis Ndhadhari. Saliyane iku kanggo medharake kawruh bab piwulang sajrone donya pawiyatan.


Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra. Kanggo mahami isi sing diandharna sajrone cerkak, panliti ngetrapake metodhe dheskriptif kualitatif. Asil saka panliten iki nuduhake dene kahanan kacingkrangan sajrone ACRWN kaperang dadi loro yaiku ora bisa nyukupi kabutuhan pangan lan ora bisa nyukupi kabutuhan pendhidhikan. Panyebab saka kacingkrangan sing ditemokake sajrone antologi yaiku amarga mingsrane pengasilan, rusake tatanan masyarakat amarga politik lan musim paceklik. Kacingkrangan kasebut nuwuhake akibat, antarane anane rasa minder, nelangsa lan ora bisa bayar sekolah. Upaya kanggo ngrampungi kacingkrangan kasebut yaiku pendhidhikan lan tulung tinulung. Panulis nggayutake kahananan kacingkrangan kang ana ing ACRWN karo realitas sosial, banjur asile diperang dadi telu antarane ora bisa nyukupi kabutuhan pangan, ora bisa nyukupi kabutuhan pendhidhikan lan anane upaya tulung-tinulung.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-06-15

How to Cite

ZUMRUDAH, R., & DARNI. (2020). Kacingkrangan sajrone Antologi Cerkak Rembulane Wis Ndhadhari Anggitane Sri Setya Rahayu. Jurnal Online Baradha, 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 85 , PDF Downloads: 53