Mitos Kecantikan sajrone Novel-novel Anggitane Tulus Setiyadi

  • SHIVA OKTARI NUR HASANTI
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract

AbstrakMitos kecantikan yaiku salah sawijining isu ngenani wanita ngenani kaya ngapa standarisasi rupa wanita sajrone masarakat. Isu ngenani mitos kecantikan iki ana wiwit mbiyen lan nggawe wanita ora nduwe daya marang awake dhewe amarga dhuwure pangarepe saka masarakat ngenani rupa ayu lan uga gawe wanita kejiret konflik marang awake dhewe amarga anane mitos kecantikan kasebut. Kayata kang ana sajrone novel-novel anggitane Tulus Setiyadi yaiku novel Gempol lan uga novel Mintarsih Ledhek Pepujanku kang ngandhut kepriye gambaran mitos kecantikan ana ing masarakat lan uga menehi kawusanan tumrap wanita.
Metodhe kang digunakake yaiku metodhe kualitatif dheskriptif. Sumber dhata ana ing panliten iki yaiku novel Gempol lan Mintarsih Ledhek Pepujanku anggitane Tulus Setiyadi. Sajrone panliten iki, dhata awujud tembung, lan ukara sarta sakabehe wacana. Tatacara nglumpukake dhata nggunakake teknik maca banjur teknik cathet. Sawise dhata diklumpukake banjur disuguhake kanthi cara ngewenehi analisis lan dheskripsi kaya ngapa gegambarane mitos kecantikan sajrone novel Gempol lan Mintarsih Ledhek Pepujanku.Asil saka panliten iki yaiku dhata kang awujud ukara dheskriptif kang njlentrehake anane mitos kecantikan sajrone novel Gempol lan Mintarsih Ledhek Pepujanku anggitane Tulus Setiyadi kang diperang dadi telu, yaiku (1) konsep idheal wanita ayu sajrone novel-novel anggitane Tulus S, (2) kepriye kawusanan saka mitos kecantikan sajrone novel-novel anggitane Tulus S. Saka telung bab kasebut bisa nuduhake anane mitos kecantikan sajrone novel-novel anggitane Tulus Setiyadi.
Tembung wigati: Mitos kecantikan, standarisasi kecantikan, novel
Published
2020-06-15
How to Cite
OKTARI NUR HASANTI, S., & ERNAWATI, Y. (2020). Mitos Kecantikan sajrone Novel-novel Anggitane Tulus Setiyadi. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 60
PDF Downloads: 39