RARAS RUMING TETEMBUNGAN SAJRONING CRITA KATRESNAN RERIPTANE TIWIEK S.A

Authors

  • ADITYA KURNIA DEWI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Aditya Kurnia Dewi

Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( Aditya.kd90@gmail.com  )

 

Abstrak

Novel Suminar mujudake novel populer. Pamilihing tetembungan, lelewaning basa lan basa pedinan kang ditrapake dening pangripta, bisa nggambarake lakuning crita Suminar kanthi cetha lan runtut. Mula, tinthingan kang trep kanggo njlentrehake kaendahan basa sajroning novel Suminar iki nggunakake teori stilistika.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten iki yaiku: 1) pamilih lan pangolahing tetembungan kang nuwuhake kaendahane crita sajroning novel Suminar. 2) gaya basa utawa lelewaning basa kang digunakake pangripta anggone medharake crita sajroning novel Suminar. 3) gaya critane pangripta anggone medharake rasa pangrasa sajroning novel Suminar. Adhedasar saka prakara-prakara kasebut, mula ancase panliten yaiku: 1) ngandharake pamilih lan pangolahing tetembungan kang nuwuhake kaendahan crita sajroning novel Suminar. 2) ngandharake gaya utawa lelawaning basa kang digunakake sajroning novel Suminar anggitane Tiwiek SA. 3) ngandharake gaya critane Tiwiek SA sajroning novel Suminar. Panliten iki diajab bisa aweh paedah lan bisa menehi sumbang sih tumrap pangrembakaning sastra Jawa, mligine ing babagan kasusastran Jawa kang awujud fiksi.

Teori kang digunakake panliten iki yaiku teori kabasan ing bukune Burhan Nurgiyantoro. Panliten iki kagolong panliten kualitatif  kanthi nggunakake metode deskriptif. Sumber data panliten iki yaiku sawijining novel, kanthi irah-irahan Suminar anggitane Tiwiek SA. Data panliten iki arupa tetembungan endah, frase kang bisa nuwuhake makna laras karo crita. Tata cara nglumpukake data kang digunakake ing panliten iki yaiku teknik waca, cathet lan riset. Tata cara ngolah data ing panliten iki yaiku nggunakake teknik deskriptif-analisis.

Asiling panliten iki bisa didudut yen pamilihing tembung kang ditrapake sajroning episode, irah-irahan novel, jeneng paraga lan pamilihing basa pedinan dilarasake karo crita katresnan kang kawedhar. Semono uga lelewaning basa, kang ana lan katon sajroning novel anggitane Tiwiek SA kaperang dadi 9 jinis yaiku: (1) Repetisi, (2) Pararima, (3) Simile, (4) Litotes, (5) Hiperbola, (6) Personifikasi, (7) Asidental, (8) Polisidental, (9) Anafora. Saka sawenehing lelewaning basa kang ana, bisa nuduhake ciri khase Tiwiek SA anggone milah lan milih tetembungan, lan nyusun ukara supaya rinakit dadi paragraf kang endah nduweni nilai estetis sajroning teks sastra. Saliyane iku, pangripta uga nggunakake teknik campuran kang bisa ndadekake novel iki ora monoton.

 

 

Tembung wigati (kata kunci)           : Raras, Ruming, Tetembungan, Katresnan

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-31

How to Cite

KURNIA DEWI, A. (2013). RARAS RUMING TETEMBUNGAN SAJRONING CRITA KATRESNAN RERIPTANE TIWIEK S.A. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 53 , PDF Downloads: 47