SANGGIT LAN PANGOLAHING BASA SAJRONE CARITA "GUWA BANGER" ANGGITANE TIWIEK S.A.
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Lia Juliana Dewi
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( Liajulianadewi@gmail.com )
Abstrak
Cerbung “Guwa Banger” mujudake asil reriptan sastra kasusastran jawa modern kang kawangun saka gaya utawa style-ing pangripta ngenani rerakitaning tetembungan kang tumata apik. Cerbung iki uga mujudake carita kadurjanan kang bisa nenuntun pamaos tumrap pamikir lang pangrasane pangripta tumrap babagan tartamtu. Underaning panliten sajrone panliten iki, yaiku : (1) kepriye sanggit kang digunakake minangka style dening pangripta sajrone Cerbung “Guwa Banger”? (2) kepriye style pangripta ngenani pangolahing basa sajrone Cerbung “Guwa Banger”?
Tujuwan panliten iki kaperang dadi loro, yaiku tujuwan umum lan tujuwan mligi. Tujuwan umum, yaiku panliti pengin njlentrehake tumrap bebrayan ngenani style pangripta sajrone reriptan sastra kang awujud cerbung kanthi irah-irahan “Guwa Banger”. Dene tujuwan mligine yaiku kanggo njlentrehake : (1) sanggit kang diandharake minangka style dening pangripta sajrone cerbung “Guwa Banger”, (2) style pangripta ngenani pangolahing basa sajrone cerbung “Guwa Banger”. Paedah panliten iki kaperang dadi telu, yaiku : (1) paedah panliten tumrap panliti, (2) paedah tumrap pamaos, (3) paedah tumrap sastra jawa modern. Teori kang digunakake yaiku teori stilistika, yaiku teori kang digunakake kanggo medhar style utawa gaya pangripta. Sanggit kang mujudake gaya bercerita pangripta nggunakake pamarekan struktural. Pangolahing basa kang mujudake gaya berbahasa pangripta nggunakake teori ngenani unsur style kabasan.
Panliten iki mujudake panliten kualitatif kanthi nggunakake ancangan kualitatif deskriptif. Sumber data panliten iki yaiku sawijining cerbung, kanthi irah-irahan “Guwa Banger” anggitane Tiwiek SA kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat, karakit dadi 27 edisi, tanggal 16 Oktober 2010 nganti 16 April 2011. Data kang dikumpulake sajrone panliten iki awujud tembung, frase, gatra, lan pada kang ngandut katrangan ngenani wujuding sanggit lan pangolahing basa kang sesambungan kalawan style-ing pangripta sajrone cerbung “Guwa Banger”.
Asiling panliten nuduhake sanggiting pangripta kang mujudake style-ing pangripta kang digunakake sajrone cerbung “Guwa Banger” yaiku ngenani Guwa Banger minangka Carita Kadurjanan. Guwa Banger minangka carita kadurjanan njlentrehake ngenani sesambungane unsur-unsur intrinsik kang mujudake gaya bercerita utawa sanggiting pangripta.
Style-ing pangripta ngenani pangolahing basa sajrone cerbung “Guwa Banger” nggunakake saperangan unsur style kabasan. Unsur style kabasan kang digunakake ing antarane : (1) Unsur Leksikal kang kaperang adhedhasar sipat sintagmatik lan paradigmatik. (2) Unsur Gramatikal ngenani jisining ukara dumadi saka 4 jinis yaiku, ukara deklaratif, ukara interogatif, ukara imperatif, ukara interjektif. (3) Retorika sesambungan kalawan majas kang kaperang dadi 4 jinis, yaiku majas perbandingan, majas penegasan, majas pasemon, lan majas pertentangan. Majas perbandingan kang ana sajrone cerbung “Guwa Banger” yaiku majas alegori, majas alusio, majas metafora, majas antonomasia, majas metonimia, majas hiperbola, majas personifikasi, majas disfemisme, majas asosiasi. Jinis majas kapindho yaiku majas penegasan, majas penegasan kang ana sajrone cerbung “Guwa Banger” yaiku majas repitisi, majas pararima, majas tautologi, majas elipsis, majas polisidenton, majas asindenton. Majas pasemon kang mujudake majas kaping telu kang ana sajrone cerbung “Guwa Banger” yaiku majas sarkasme, majas ironi, majas Innuendo. Majas pertentangan kang ana sajrone cerbung “Guwa Banger” yaiku majas antithesis lan majas paradoks.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

