UNSUR GAIB SAJRONE CERBUNG NOTHOK LAWANG PING PATBELAS ANGGITANE ESMIET

Authors

  • RR.PUSPITANINGDYAH PRABANTARI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH 

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

rara_znd@yahoo.com

Kata Kunci: isi, format, artikel.

 

Abstrak

Pangripta anggone ngripta sawijine karya sastra tansah nggunakake pamikire utawa idhene kang ora adoh saka kasunyatan kang ana ing masyarakat. Salah sawijine karya sastra kang kaya mangkono yaiku cerbung NLPP kang diripta dening Esmiet. Cerbung NLPP iki nyritakake ngenani unsur gaib kang ana ing kabudayane masyarakat sajrone cerbung. Kadadeyan-kadadeyan kang ana gayutane karo bab-bab kang ora tinampa nalar dicritakake kanthi cetha. Sajrone cerbung iki ngandhut perangan kang manjila yaiku unsur gaib kang diprecaya dening masyarakat Kandhat lan Jong Biru. Kapitayan ngenani unsur gaib ing cerbung NLPP iku narik kawigaten kanggo ditintingi kanthi tintingan antropologi sastra. Prakara kang dadi underane panliten ing kene ana loro, yaiku: (1) wujude ilmu gaib kang ana ing cerbung NLPP lan (2) wujude badan alus kang ana ing cerbung NLPP. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo medharake wujude ilmu gaib lan wujude badan alus kang ana ing cerbung NLPP anggitane Esmiet. Bab iki kaleksanan kanthi pangajab bisa nuwuhake kawruh anyar marang pamaos ngenani unsur gaib. Panliten iki nggunakake pamawase Ratna (2011). Underane panliten ing panliten iki didhudhah nganggo teorine Koentjaraningrat. Panliten ngenani unsur gaib iki nggunakake ancangan deskriptif kualitaif. Dhata kang digunakake ing panliten iki ana rong werna, yaiku: (1) awujud dhata teks cerbung NLPP, lan (2) dhata konsep budaya Jawa mligine ngenani unsur gaib. Teknik pangumpulane dhata ing panliten iki nggunakake teknik maca, nyathet, lan riset kapustakan. Lakune panliten ditindakake kanthi runtut wiwit ngumpulake dhata, ngolah dhata, nganti nulis asile panliten. Asile panliten nuduhahe yen cerbung NLPP anggitane Esmiet iki ngandhut unsur gaib. Unsur gaib kang tinemu ing cerbung iki ana rong bab yaiku ngenani (1) ilmu gaib lan (2) badan alus. Ilmu gaib kang ana ing cerbung NLPP iki ana papat, yaiku: (1) kasektene dhukun, (2) pelet, (3) bisa sesambungan karo alam gaib, lan (4) bisa nyiptakake impen. Dene badan alus kang kacarita ing cerbung NLPP yaiku: (1) dhanyang, (2) memedi, (3) roh leluhur, lan (4) siluman. Saka panliten iki bisa nuduhake yen karya sastra minangka kaca benggalane panguripan ing saben dinane. Unsur gaib kang ana ing cerbung NLPP iki minangka tuladha cilik saka unsur religi kang mangun sawijine kabudayan sajrone masyarakat desa kang isih mrecayani anane unsur gaib kang ana ing sakiwa tengene manungsa. Unsur gaib ing cerbung NLPP iki uga nduweni peran kang wigati sajrone crita. Crita kang ngandhut unsur gaib bisa ndadekake cerbung NLPP tansaya urip.

Tembung Wigati: Gaib, antropologi sastra

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-31

How to Cite

PRABANTARI, R. (2013). UNSUR GAIB SAJRONE CERBUNG NOTHOK LAWANG PING PATBELAS ANGGITANE ESMIET. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 72 , PDF Downloads: 28