WUJUD, MAKNA LAN FUNGSI SAJRONE TRADHISI SADRANAN MASYARAKAT UGAL-AGIL ING DUSUN JURANG SEMPU, DESA DAYAKAN, KECAMATAN BADEGAN, KABUPATEN PONOROGO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH (JAWA)
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
(isoekamti@yahoo.com)
Abstrak
Tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” salah sijine sadranan kang nduweni ciri khas. Ciri khas kasebut kawangun saka maneka warna aspek onja sajrone etnografi masyarakat Ugal-agil. Salah sijine yaiku sistem religi lan kahanan wilayah. Sistem religi kang diugemi masyarakat Ugal-agil awujud pamahaman kerohanian kang netepake, percaya, lan mangerteni Tuhan (sesembahan) tanpa gayutake marang agama, banjur pamahaman kasebut digayutake marang alam, saengga mujudake faham dinamisme. Sadranan iki uga dadi sarana ngibadah, tegese minangka kagiyatan batiniyah kang nudhuhake sawijine wujud ungkapan sakral saka rasa pangarasa manungsa kang ditujukake marang Tuhan (sesembahan) kanthi wujud kagiyatan wujud nyata lan wujud batin. Kapitayan kasebut nduweni gayutan kalawan kahanan wilayah. Kahanan wilayah Ugal-agil ana ing papan panggonan kang terpencil, ateges daya pangribawa apa wae saka njaba angel mangribawani masyarakat Ugal-agil. Perkara kasebut kang narik kawigaten panliti anggone nliti lan ngnalisisi tradhisi sadranan kasebut.
Underane panliten sajrone panliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” ? (2) Kepriye wujud tata lakune tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil”? (3) Apa wae ubarampe kang digunakake lan makna filosofis kang kinandhut sajrone tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil”? (4) Kepriye fungsi tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” tumrap masyarakat Ugal-agil ing desa Dayakan, Kecamatan Badegan, Kabupaten Ponorogo?
Paedah panliten iki kaperang dadi telu, yaiku : (1) Kanggo panliti, diajab Panliten iki bisa nambah ilmu, kawruh lan wawasan, lan menehi pangalaman ngenani kesenian kabudayan Jawa, mligine tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil”. (2) Kanggo masyarakat, diajab panliten iki bisa menehi pangalaman lan kawruh ngenani tata gelar lan mangerteni kepriye wujud gegambaran tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” saengga bisa melu nguri-nguri tradhisi tradhisional kasebut. (3) Kanggo generasi mudha, panliten iki dikarepake bisa menehi tambahaning wawasan kanggo para generasi mudha supaya gelem nguri-uri lan nglestarekake tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil”.
Panliten ngenani tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” iki nggunakake sawenehing teori kang bisa didadekake minangka lelandhesan kanggo mecahake masalah. Panliten tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” nggunakake maneka werna teori gegayutan karo undere panliten. Sing kapisan nggunakake teori simbol semiotik kang diandharake Peirce. Teori kasebut digunakake kanggo nintingi makna simbolik sajrone tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil”. Sing kapindo fungsi folklor Bascom lan fungsi foklor Dundes kang duggunakake kanggo mangerteni fungsi tradhisi ”Sadranan Masyarakat Ugal-agil”. Sajrone panliten iki ora kabeh fungsi foklor kang diandharake Bascom lan Dundes kang diggunakake nanging saperangan kang cunduk kalawan objek.
Panliten tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” nggunakake metode panliten kualitatif diskriptif. Teknik pangumpulane data kang diggunakake yaiku teknik observasi, wawancara, lan dokomentasi. Tata cara panliten yaiku nyepakake apa sing diperlokake anggone panliten, nglakoni panliten, lan laporan hasil anggone panliten.
Hasil saka panliten iki nudhuake : 1) Tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” yaiku salah sijine upacara ritual kang dianakake dening masyarakat Ugal-agil kanthi tujuwan pangurmatan marang sesembahan (Tuhan). Mula bukane tradisi kawiwitan saka saklompok uwong kang urip kanthi cara pindah-pindah panggonan (nomaden) kang nggunakake sadranan minangka wujud pangurmatan marang sesembahan (alam lan para leluhur). Tahun 1960 saklompok wong iki banjur manggon ing papan kang aran Ugal-agil nganthi saprene lan ngugemi tradhisi sadranan nganthi saprene. Miturut jinise tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” kaperang dadi loro yaiku : Sadranan asipat khajat umum lan sadranan asipat khajat pribadhi. Sakarone jinis tradhisi sadranan saejatine padha, mung saperangan bab kang dadi pambedha yaiku : Ubarampe cok bakal, lan dina tradhisi sadranan dianakake. Tata rakite tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” kaperang dadi : nyapakake piranti lan ubarampe, nyepakake sesajen ritual, resik-resik, lan prosesi ritual nyadran. Ubarampe kang digunakake ing tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” kaperang dadi telu : Ubarampe cok bakal kayata : endhog jawa cache siji, rokok klobot, miri, lombok cacahe limang iji, bawang brambang, jeruk pecel separo, godhong suruh, lan kemenyan Ubarampe sajen asipat tetep kayata : kalasa, kembang suruh, rokok klobot/rokok ulung, kendhi, kemenyan, lan endhog. Ubarampe sesajen ritual kayata : ingkung, endhog, srondeng, kopi pait, sego golong, sega gurih, ketan tawa, lan gedhang raja. Prosesi ritual nyadran diperang dadi : pambuka, sidikara, srabat, ngujupake panjaluk, lan panutup. 2) Tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” nduweni makna minangka salah sajine pangurmatan masyarakat Ugal-agil marang sesembahan (alam lan leluhur) kang diwujudake kanthi tata cara ritual. Kanthi nganakake tradhisi sadranan masyarakat Ugal-agil nduweni pangajab diwenihe kaslametan, lan berkah sarta diadohake saka sakabehe bab kang ora becik tumrap panguripane. 3) Tradhisi “Sadranan Masyarakat Ugal-agil” nduweni rong fungsi kang trep kalawan fungsi foklor saka pamawase Bascom lan Dundes yaiku : minangka sistem proyeksi, yaiku minangka sarana kaca benggalaning angen-angen, lan sarana pendhidhikan
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

