PIWULANG AGAMA SAJRONE NASKAH KABAR KIYAMAT (Tintingan Filologi)

Authors

  • NINIK ISTIQOMAH

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Ninik Istiqomah

Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), FBS, UNESA (ninik.istiqomah@gmail.com)

 

 

Abstrak

Sastra mujudake gegambarane urip manungsa ing bebrayan agung. Lumantar sastra panulis bisa nulis sawijine karya sastra kanggo medharake apa kang dirasakake lan kepriye pamikire. Apa kang dadi rasa pangrasane lan pamikire mau bakal maujud sawijine karya sastra, banjur diwaca karo masyarakat. Salah sawijine wujud karya sastra yaiku naskah. Naskah yen diwawas saka ilmu filologi ngemot sakabehing piguna tumrap uripe manungsa ing bebrayan agung. Naskah minangka salah sawijine asil karya sastra kang wajib diramut lan dilestarekake.

Adhedhasar wawasan kasebut, ana salah sawijine naskah kang ngemot babagan piwulang. Karya kasebut yaiku naskah Kabar Kiyamat, sajrone naskah iki ngandharake piwulang agama mligine agama Islam yaiku ngenani pati mligine kiyamat. Laras karo andharan kasebut, underane panliten naskah KK yaiku: (1) Kepriye deskripsi naskah KK, (2) Kepriye suntingan teks naskah KK, (3) Piwulang agama sajrone naskah KK. Ancase panliten iki : (1) Ngandharake deskripsi naskah KK, (2) Ngandharake suntingan teks naskah KK, (3) Ngandharake piwulang agama sajrone naskah KK. Sesambungan klawan underane panliten mau, panliten iki diajab bisa nyumbangake kawruh, mligine ing babagan agama Islam. Kajaba iku panliten iki uga diajab bisa menehi sumbangsih tumrap ilmu sastra mligine telaah naskah kang nggunakake tintingan filologi.

Panlitenan iki kalebu panliten kualitatif, kanthi pamarekan filologi moderen. Anggone analisis data data nggunakake metode hermeneutika, kanthi hermeneutika panliten iki diajab bisa menehi gegambaran ngenani piwulang agama. Wujud tulisan naskah Kabar Kiyamat yaiku Arab pegon mula, anggone nyengkuyung panliten dilakoni transliterasi teks saka Arab pegon ing aksara Latin.

Asile panliten kapisan awujud andharan ngenani naskah Kabar Kiyamat, kang ngandharake babagan deskripsi naskah. Ing deskripsi teks kaandharake sekabehane katrangan kang gegayutan karo naskah. Asile panliten kang kapindho yaiku ngenani suntingan teks. Ing suntingan teks kaleksanan kanthi nggunakake kawruh lan kamus basa. Kamus basa mujudake panyengkuyung, tegese menehi kawruh ngenani tembung kang baku.

Asile panliten kang ketelu yaiku ngenani piwulang. Piwulang kang sajrone naskah Kabar Kiyamat yaiku piwulang agama Islam ngenani pati mligine ngenani kiyamat. piwulang ngenani patine manungsa kang ana ing kene yaiku kapisan anane mati, kapindho ngenani alam kubur, ketelu anane dina akhir utawa kiyamat, kepapat anane dina kebangkitan, kalima anane ngalam sawise manungsa mati.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-31

How to Cite

ISTIQOMAH, N. (2013). PIWULANG AGAMA SAJRONE NASKAH KABAR KIYAMAT (Tintingan Filologi). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 37 , PDF Downloads: 30