KRITIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK DALAN SIDHATAN ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

Authors

  • SUKHIBATUS SILISIA
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%25p

Abstract

Antologi cerkak Dalan Sidhatan anggitane Widodo Basuki iki ngandhut babagan kritik sosial. Kritik sosial kang ana sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan iki minangka gambaran saka kauripane manungsa lan uga ngemot piwulang sajrone bebrayan. Tintingan kang slaras kanggo ndhudhah kritik sosial kasebut yaiku teori sosiologi sastra sing diandharake dening Ian Watt. Adhedhasar saka andharan kasebut bisa didudut underane panliten yaiku (1) kepriye kritik sosial tumrap panguwasa sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki? (2) kepriye gegayutane kritik sosial sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki tumrap kahanan bebrayan? (3) kepriye kritik sosial tumrap citrane wanita sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki? Saka underane panliten mau bisa didudut ancase yaiku (1) ngandharake kritik sosial tumrap panguwasa sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki, (2) ngandharake gegayutane kritik sosial sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki tumrap kahanan bebrayan, (3) ngandharake kritik sosial tumrap citrane wanita sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki.Paedah kang bisa didudut saka panliten iki yaiku dikarepake bisa ngrembaka mligine sastra Jawa modern, lan bisa menehi piwulang urip jalaran ana sesambungane karo prekara-prekara sosial ing ana ing bebrayan. Panliten iki mujudake panliten kualitatif. Sumber dhata lan dhata sajrone panliten iki yaiku antologi cerkak Dalan Sidhatan anggitane Widodo Basuki, sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan ana sepuluh dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Siter Panguripan, Dalan Sidhatan, Cungkup ing Tengah Desa, Wong Gemblung, Rembulan Kari Salining, Jenengna Wibisana, Ketiga Ngerak, Lilih Linggar Utama, Guritane Heli, Bali Saka Bali. Sepuluh cerkak kang ana nggayutake kritik sosial tumrap panguwasa, kahanan bebrayan lan citrane wanita. Tata cara nglumpukakae dhata yaiku nggunakake teknik pustaka. Asil panliten nuduhake manawa kritik sosial kang ana sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan ngandharake babagan (1) kritik sosial tumrap panguwasa, kayata politik, korupsi, mblenjani janji, nyogok dhuwit lan tumindak sawiyah-wiyah, (2) kritik sosial tumrap kahanan bebrayan kayata kapitayan marang mitos lan pakaryan kang ala (3) kritik sosial tumrap citrane wanita kayata tumindak sedheng, kadonyan, lan pergaulan bebas.

Tembung wigati: panguwasa, korupsi, citrane wanita

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-06-26

How to Cite

SILISIA, S., & DARNI. (2020). KRITIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK DALAN SIDHATAN ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). Jurnal Online Baradha, 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 63 , PDF Downloads: 61