NILAI FILOSOFI SAJRONING TRADISI NYAMBUNG TUWUH MANTU ING KECAMATAN NGUNUT KABUPATEN TULUNGAGUNG

Authors

  • IRNA DWI SUBEHTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

IRNA DWI SUBEHTI

S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Abstrak

Tradhisi  minangka perangan saka kabudayan dhaerah kang ora bisa dipisahake karo panguripane manungsa ing masyarakat. Ing dhaerah Tulungagung uga nduweni sawijining tradhisi yaiku Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu ing Desa Gilang Kecamatan Ngunut. Nyambung Tuwuh Mantu nduweni teges nerusake uripe supaya tetep ana, kanggo nerusake keturunane.

Undheran sajroning panliten iki yaiku (1) kepriye mula bukane Tradisi Nyambung Tuwuh Mantu, (2) kepriye tata rakite Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu, (3) apa wae ubarampe lan maknane Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu, sarta (4) kepriye nilai filosofi sajroning tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu. Panliten iki nduweni tujuwan umum yaiku menehi gegambaran ngenani Tradhisi Slametan Nyambung Tuwuh Mantu, tujuwan mligine yaiku (1) njlentrehake mula bukane Tradisi Nyambung Tuwuh Mantu, (2) njlentrehake tata rakite Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu, (3) njlentrehake ubarampe lan maknane Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu, lan (4) njlentrehake nilai filosofi sajroning tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu. Kanthi panliten iki dikarepake bisa dadi inventarisasi lan dhokumentasi budaya, supaya kabudayan Jawa mligine Tradhisi Nyambung Tuwuh tansah lestari ing satengahe masyarakat.

Sajroning nganalisis data, panliti nggunakake teori lan konsep kang cundhuk. Kapisan yaiku ngenani makna sajroning ubarampe slametan nggunakake teori simbol miturut Turner (sajroning Endraswara, 2006:173). Kapindho ngenani nilai filosofi nggunakake panemune Saryono (2011). Kaping telu konsep tradhisi nggunakake panemune Yana (2012).

Panliten ngenani Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu iki nggunakake ancangan panliten deskriptif kualitatif. Objek sajroning panliten yaiku ngenani Tradhisi  Nyambung Tuwuh Mantu. Papan panliten ana ing Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung, mligine ing Desa Gilang. Data ing panliten iki awujud data lesan minangka data saka asiling wawancara lan rekaman karo narasumber, lan asil observasi ngenani Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu. Dene data kang awujud dudu lesan kayata foto lan buku ngenani profil Desa Gilang. Data kasebut dijupuk kanthi nggunakake teknik observasi, wawancara, dan dhokumentasi. Ing panliten iki urutan sajroning ngolah data antara liya (1) Open coding; (2) Axial coding; (3) Selective coding.

Asiling panliten kang bisa kadudut yaiku: (1) kahanan masyarakat Desa Gilang bisa dideleng saka kahanan alam lan kahanan bebrayan; (2) mula bukane Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu. Tradhisi kasebut mujudake warisan sacara turun temurun kang ora dimangerteni sacara gamblang mula bukane, nanging masyarakat tetep nglaksanakake slametan; (3) tata rakit sajroning Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu, kang kawiwitan saka persiapan (nemtokake dina lan nyiapake ubarampe kang diperlokake) nganti adicara Slametan Nyambung Tuwuh Mantu; (4) Ubarampe kang perlu dicepakake sajroning Slametan Nyambung Tuwuh Mantu antara liya ambengan sega gurih, pitik ingkung, sambel goreng, kacang, srondheng, ambengan sega wara, jangan manggul, gedhang setangkep, kembang boreh, jenang abang, jenang sengkala, buceng kuwat, sega jemukan, sega golong, buceng papat, sekar setaman, lan jajan arak-arak. Ubarampe-ubarampe kasebut nduweni makna tartamtu; (5) Nilai filosofis kang kinandhut ing Tradhisi Nyambung Tuwuh Mantu yaiku nilai kemapanan, keselarasan, lan bebarengan. Nilai kemapanan kayata nilai pepesthen, keteraturan, lan keajegan. Nilai keselarasan disengkuyung dening nilai kejatmikan, kerukunan, kehormatan, lan nilai edi peni. Nilai bebarengan bisa diwujudake kanthi nilai kekeluwargaan, tulung tinulung, kegotongroyongan, lan ketentreman.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-01

How to Cite

DWI SUBEHTI, I. (2013). NILAI FILOSOFI SAJRONING TRADISI NYAMBUNG TUWUH MANTU ING KECAMATAN NGUNUT KABUPATEN TULUNGAGUNG. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 214 , PDF Downloads: 197