KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN SAJRONE "ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS" ANGGITANE TIWIEK S.A.

Authors

  • ENDANG T RAHAYU

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

Endang Telasih Rahayu

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

ABSTRAK

 

Antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. iki kasusun saka sepuluh cerkak-cerkak anggitane Tiwiek S.A. kang sakabehe wis tau kapacak ing majalah Basa Jawa (Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Mekar Sari) kang terbit antarane taun 1980 tumeka taun 2005. Cerkak-cerkak sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki nyaritakake kahanan jagading pamulangan kang kagambarake ing paraga-paraga kang ngalami konflik-konflik ing jagading  pamulangan.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, kajupuk underaning panliten, yaiku (1) kepriye konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) kepriye konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) kepriye pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak iku. Saka underaning panliten iku, mula tujuwane panliten yaiku (1)  Ngandharake konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) Ngandharake konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) Ngandharake pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak mau.

Panliten iki kaajab bisa asung paedah, yaiku menehi sumbangan tumrap panliten sastra kanthi tintingan struktural mligine cerkak. Ndadekake majune jagading kritik sastra mligine ngenani tintingan struktural, uga bisa didadekake sumber-sumber kanggo pasinaonan tumrap sastra ing babagan apresiasi sastra.

Panliten iki ngandharake konflik-konflik kang dumadi ing jagading pamulangan minangka unsur kang mirunggan sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas. Mula ing kene titingan sastra kang salaras kanggo ngonceki underaning panliten yaiku tintingan struktural. Tintingan struktural digunakake kanggo nintingi sakabehing bab kang nduweni sesambungan struktur karya sastra yaiku unsur intrinsik karya sastra.

Panliten sastra iki nggunakake metode deskriptif kualitatif kang ngandharake objek kang ditliti. Sumber data kang digunakake yaiku antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. Data-data kang digunakake sajroning panliten arupa ukara-ukara lan pachelathon kang nggambarake kahanan konflik kang dumadi. Kanggo nglumpukake data kang dibutuhake kanggo panliten sastra iki, nggunakake metode waca lan cathet.

Asiling panliten iki salaras karo underaning panliten kang nuduhake yen konflik kang dialami dening paraga sajrone antologi cerkak yaiku konflik internal kang bisa nuwuhake rasa mamang lan rasa kuwatir. Uga ana konflik eksternal awujud konflik sosial antar-indhividhu, konflik antarane jabatan lan keluwarga, lan konflik karana jabatan. Saliyane konflik kang dialami dening paraga, pamungkasing konflik dipungkasi kanthi maneka warna yaiku kanthi cara pasrah, ngukuhi jejibahan, lan wicaksana. Pamungkasing konflik sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki luwih akeh kang awujud sad ending utawa dipungkasi kanthi cara sedhih

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-01

How to Cite

T RAHAYU, E. (2013). KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN SAJRONE "ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS" ANGGITANE TIWIEK S.A. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 78 , PDF Downloads: 57