MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

Authors

  • AURIA RASTUTI CIPTA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

AURIA RASTUTI CIPTA

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstrak

 

Maneka warnaning budaya ing masyarakat Jawa sejatine adhedhasar wewujudane nalar-nalar manungsa kang kawujud ing pasrawungan. Kanggo ngawruhi yen nalar iku nganut marang sawijining struktur, prelu dianalisis samubarang perkara lan tumindak minangka wewujudane saka nalar kasebut. Budaya utawa wewujudane nalare manungsa nduweni wujud kang maneka warna. Salah sawijine yaiku ruwatan lan siraman, kang saperangan saka pirantine nggunakake bayu tuk pitu. Kalorone tradhisi kasebut padha-padha nggunakake banyu tuk pitu kang nduweni tujuwan kanggo ngresiki jiwa lan raga saengga bisa nolak sengkala.

Punjere panliten iki yaiku kepriye mitos lan fungsi banyu tuk pitu ing masyarakat Jawa, kepriye daya piguna banyu tuk pitu ing masyarakat Jawa, kepriye wujud lan makna banyu tuk pitu ing masyarakat Jawa, lan kepriye panemune masyarakat bab banyu tuk pitu. Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake mitos lan fungsi banyu tuk pitu, ngandharake daya pigunane banyu tuk pitu, ngandharake wujud lan makna banyu tuk pitu, lan ngandharake panemune masyarakat bab banyu tuk pitu ing masyarakat Jawa tlatah Madiun.

Paedahing panliten ngenani makna simbolis banyu tuk pitu ing masyarakat Jawa tlatah Madiun dikarepake supaya nduweni piguna kanggo nglestarekake budaya Jawa, nambah pamawas babagan kawruh budaya Jawa. Saliyane iku uga kanggo njembarake wawasan utawa nintingi bab-bab kang bisa dirembug lan diwedharake ing panliten iki.

Panliten babagan makna simbolis sajrone banyu tuk pitu iki ditintingi kanthi tintingan folklor sipate deskripsif. Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa Jawa. Sumbere data yaiku data saka informan pokok lan informan panyengkuyung. Tata cara ngumpulake data nganggo teknik observasi, wawancara, dokumentasi, angket lan nyathet. Babagan teknik analisis data, teknik kang ditrapake ing panliten iki yaiku liwat telung babagan yaiku open coding, axial coding, lan selective coding. Dene tata cara ngandharake asil analisis data ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharake analisis data kanthi nggunakake tetembungan sing lumrah.

Mitos Banyu Tuk Pitu kang ana ing masyarakat Jawa minangka proyeksi yaiku yen banyu iku minangka piranti reresik awak. Banyu kasebut  bisa nggawe saben-saben pawongan kang nandang sukerta, dadi resik utawa digawe suci kanthi cara tradhisi ruwatan lan siraman. Cacah pitu ing Banyu Tuk Pitu nduweni makna bisa menehi pitulungan. Banjur asale Banyu Tuk Pitu panggonane kudu beda-beda amarga saka saben-saben sumber banyu nduweni tujuwan lan makna kang dhewe-dhewe.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-01

How to Cite

RASTUTI CIPTA, A. (2013). MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 77 , PDF Downloads: 188