SET NGENANI SOLAH BAWANE TANGAN
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
ARIS BAGUS SETIAWAN
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Set ing kene nggolongake samubarang sing ana sajrone papan panggonan, uga bisa ngerteni babagan kagiyatan, kaanan lan solah bawa sing ana ing sawijine panggonan kasebut. Mula panliten iki ngenani solah bawane tangan ing Kelurahan Majasem Kecamatan Kendal Kutha Ngawi. Punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae golongane tembung-tembung bab solah bawane tangan? Kepriye beda-bedane tembung solah bawane tangan? Kanthi adhedhasar punjere panliten, tujuwan ing panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake ngenani golongane tembung-tembung bab solah bawane tangan lan beda-bedane tembung solah bawane tangan ing Kelurahan Majasem Kecamatan Kendal Kutha Ngawi, saengga bisa kanggo mangerteni makna ngenani solah bawane tangan ing Kelurahan Majasem Kecamatan Kendal Kutha Ngawi. Paedah ing panliten iki dikarepake bisa kanggo panyengkuyung ngrembakane ilmu semantik. Saliyane iku, panliten iki uga bisa migunani ing babagan set ngenani solah bawane tangan kang awujud basa.
Panliten iki kagolong panliten linguistik sipate deskriptif. Panliten iki nduweni obyek pitung dasa sekawan tembung sajrone solah bawane tangan antarane yaiku engkol, hom pim pa, keplok, kilan, lembehan , malang kerik, mbopong, mbubut, meres, methik, mrekes, mijet, mithes, nabok, nablek, napuk, nangkis, nanthing, nduding, ndulit, ndumuk, ndudul, ndemek, ndudut, nempiling, ngampleng, ngelus-elus, nguceg, ngremet, ngeruwek, ngerangeh, nggegem, ngithik-ithik, ngawe-awe, ngemeg-emeg, ngintes, ngukur, nguwik-uwik, ngerangkul, ngerayuk, ngurut, ngeplak, nggrawuk, ngethag, ngglitho, nggebug, nggrayangi, nggondheli, nguleg, njabut, njiwit, njumput, njupuk, njegung, njawil, njambak, njewer, njotos, nyawuk, nyangking, nyapu, nyengkerem, nyekel, nyikut, nyethot, nyeleh, nyiwel, nyelenthik, nyogok, nyotho, nyuwil, nyuwek, salaman, lan sut. Data ing panliten iki dikumpulake kanthi cara teknik sadap, teknik simal libat cakap, teknik bebas libat cakap, rekem lan cathet. Tata cara nganalisis dhata ing kene diperang dadi papat, yaiku transkripsi, ferivikasi, klasifikasi lan penafsiran dhata.
Asil panliten iki nuduhake yen set ngenani solah bawane tangan nduweni sesambungan paradigmatik kang dijlentrehna saka tabel-tabel lan tegese tembung kang ana ngenani solah bawane tangan. Ora mung iku saka tembung-tembung iku mau bisa digoleki drajad pepadhane. Set ngenani solah bawane tangan kang nganggo piranti nduweni patang panggolongan derajad pepadhan yaiku 33,2 %, 41,5%, 49,8%, lan 74,7%, yen set ngenani solah bawane tangan kang ora nganggo piranti nduweni enem panggolongan derajad pepadhan yaiku 33,2 %, 41,5%, 49,8%, 58,1%, 66,4%, lan 74,7%. Saka tembung-tembung iku mau ana kang dhistribusi lan ora dhistribusi kanggo tembung-tembung sajrone solah bawane tangan.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

