LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK S.A
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
DWI LISTIANINGSIH
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
D_lizt09@yahoo.com
Abstrak
Basa mujudake sawijining sarana kanggo ngungkapake rasa pangrasa kang diduweni saben-saben pawongan. Kanthi anane basa, manungsa bisa ngungkapake rasa seneng, susah, kuciwa, utawa prihatin sacara lesan lan tulisan. Manungsa uga bisa menehi pambiji lan kritik marang pemerintah utawa kahanan sosial kang dumadi ing masyarakat. Gagasan-gagasan kasebut bisa kawedharake lumantar reriptan sastra. Crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, mujudake salah siji reriptan sastra kang ngemot maneka werna gagasan lan rasa pangrasa saka pangriptane. Sajrone medhar gagasan kasebut, lumrahe pangripta nggunakake maneka werna lelewaning basa, saengga reriptan iku bisa narik kawigatene pamaos.
Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran.
Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran.
Paedahe panliten kanggone sutresna sastra, panliten iki kaajab bisa kanggo tambahan ilmu ngenani lelewaning basa sajrone crita sambung Watesing Kasabaran. Kanggone panliti, panliten iki kaajab bisa dadi sarana mangun wawasan kawruh kang dipikolehi ing pawiyatan, lan minangka acuan sajrone nindakake panliten sabanjure kang ana gegayutane klawan bahan kang bakal dikaji, sarta menehi sumbangan tumrap pangrembakane telaah sastra Jawa modern. Gegayutan klawan tintingan kasebut kandharake konsep lan teori yaiku (1) panliten sadurunge kang saemper, (2) konsep crita sambung, (3) lelewaning basa, (4) majas, lan (5) stilistika.
Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki awujud crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya. Data panlitene yaiku tembung, frase, lan ukara sajrone crita sambung kang ana gegayutane klawan lelewaning basa lan majas. Data-data kasebut diklumpukake kanthi metode waca, cathet, lan pustaka. Sabanjure, data-data kasebut bakal kaandharake kanthi tintingan stilistika.
Asil panliten nuduhake yen pangripta, Tiwiek SA, nggunakake maneka werna majas sajrone ngripta crita sambung Watesing Kasabaran. Majas-majas kang paling onjo sajrone crita sambung kasebut yaiku majas perbandingan, penegasan lan sindiran. Saka majas-majas kang kinandhut sajrone crita sambung Watesing Kasabaran, bisa kawawas yen pangripta mujudake sawijining pangripta kang nduweni kaprigelan manjila sajrone olah basa lan olah rasa. Awit saka tembung-tembung lan ukara kang karakit sajrone crita sambung bisa nuwuhake rasa ketarik marang isining crita. Saka basa kang digunakake sajrone crita sambung, pamaos kaya bisa ngrasakake kanthi langsung ekspresi-ekpresi kang diduweni paraga-paragane. Pangripta uga nyoba nggambarake kahanan kang dumadi ing jagad kasunyatan sajrone reriptane. Bab kasebut mujudake wujud rasa peduline pangripta marang kahanan ing masyarakat kang saya owah.
Tembung penting: metafora, personifikasi, simile, anafora
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

