NILAI PENDHIDHIKAN KARAKTER SAJRONING DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
ANIES KURNIAWATI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
ABSTRAK
Dongeng-dongeng Asia Kanggo Bocah jilid 1 nganti 3 minangka reriptan sastra kang isine maneka warna carita saka negara-negara Asia. Carita-carita kasebut nuduhake panguripane manungsa sing kebak nilai-nilai, mliginine nilai-nilai pendhidhikan karakter sing bisa didadekake patuladhan dening para bocah kanggo mangun karaktere. Nitik saka andharan kasebut, isine dongeng-dongeng kasebut narik kawigaten kanggo ditliti lan dianalisis.
Underaning panliten ing sajroning panliten iki, yaiku: (1) Kepriye gegambaran struktur saka DDAKB jilid 1 nganti 3 mligine babagan tema, paraga, alur lan setting? (2) Apa wae nilai-nilai pendhidhikan karakter kang kinandhut sajroning DDAKB jilid 1 nganti 3?
Ancasing panliten iki, yaiku (1) Ngandharake gegambaran struktur saka crita DDAKB jilid 1 nganti 3 mligine babagan tema, paraga, alur lan setting, (2) Ngandharake nilai-nilai pendhidhikan karakter kang kinandhut sajroning DDAKB kanggo bocah jilid 1 nganti 3. Mula, paedahe panliten iki, yaiku (1) Panliten iki bisa didadekake sarana nyinaoni kajian pendhidhikan karakter ing reriptan sastra mligine dongeng, lan bisa dadi wujud nyata pangetrapan kawruh sawetara saka bangku kuliyah, (2) Panliten iki dikarepake bisa dadi acuan pamaos mangerteni lan nyinaoni ngenani nilai-nilai pendhidhikan karakter ing reriptan sastrane kang diandharake pangripta, (3) Tumrap pamulangan sastra asil panliten iki bisa menehi tuladha ngenani nilai-nilai pendhidhikan karakter kang ana sajroning dongeng kang bisa dadi patuladhan.
Tintingan kapustakan kang digunakake kanggo nganalisis masalah yaiku tintingan struktur lan nilai-nilai pendhidhikan karakter. Tintingan struktur digunakake kanggo njlentrehake unsur intrinsik mligine tema, paraga, alur lan latar sajroning dongeng kang gegayutan karo nilai-nilai pendhidhikan karakter. Tintingan pendhidhikan karakter digunakake kanggo njlentrehake nilai-nilai pendhidhikan kang kinandhut sajroning dongeng.
Kagiatan panliten iki nggunakake ancangan panliten dheskriptif kualitatif. Panliten iki njupuk sumber data buku dongeng-dongeng Asia kanggo bocah jilid 1 nganti 3. Data ing sajroning panliten iki yaiku arupa tembung, frasa, lan ukara saka dongeng-dongeng Asia kanggo bocah jilid 1 nganti 3 kang ana gegayutane karo prakara kang dianalisis. Pangumpule data ing panliten kanthi teknik pustaka lan teknik nyathet data. Ing babagan tatacara ngolah data, panliten iki nggunakake analisis dheskriptif.
Asil panliten iki nuduhake gegambaran struktur crita sajroning dongeng-dongeng Asia kanggo bocah jilid 1 nganti 3, mligine ing babagan tema, paraga, plot/alur, lan latar. Tema saben carita iku beda-beda, nanging tema sing paling akeh diangkat yaiku tema pendhidhikan kang gegayutan karo nilai-nilai pendhidhikan karakter. Gegambaran paraga saben dongeng uga beda-beda. Sekabehane nduweni sipat lan kahanan urip kang beda sing sabanjure nuduhake nilai-nilai pendhidhikan karakter kang bisa didadekake patuladhan. Kajaba iku alur saben crita kang ana, kabeh kagolong alur maju. Saka gegambarane struktur crita sajrone dongeng-dongeng Asia kanggo bocah jilid 1 nganti 3 nuduhake nilai-nilai pendhidhikan karakter kang kinandhut sajroning carita. Nilai-nilai pendhidhikan karakter kasebut yaiku (1) jujur minangka dhasar karakter kang asale saka olah ati, sing sajrone ana karakter amanah, adil, tresna asih, gedhe pangapura, wicaksana lan tanggung jawab, (2) cerdhas minangka dhasar karakter kang asale saka olah pikir, sing sajrone ana karakter kreatip lan rasa kepingin weruh kang gedhe, (3) tangguh minangka dhasar karakter kang asale saka olah raga utawa kinestika sing sajrone ana karakter mandhiri, ulet, sabar lan sregep (4) pedhuli dhasar karakter kang asale saka olah karsa lan rasa sing sajrone ana karakter antarane yaiku ngutamakake kepentingan umum, nduweni rasa kakaluwargan, nduweni unggah ungguh, lan seneng nulung.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

