KACINGKRANGAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK MANJING DAGING ANGGITANE ARIESTA WIDYA (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • ALATUL LAIYINAH
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Abstrak

Antologi Cerkak Manjing Daging (ACMD) salah sijine antologi cerkak kang ditulis dening Ariesta Widya sing digunakake minangka objek ing panliten iki. Isine cerkak iki njupuk perkara kang gegayutan karo urip lan panguripane manungsa ing saben dinane. Cerkak-cerkak anggitane Ariesta Widya iki nduweni tema kang paling onjo yaiku kacingkrangan. Tujuwan saka punjer underane panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake gegambaran kacingkrangan, panyebabe lan upaya kanggo ngrampungi kacingkrangan sajrone ACMD anggitane Ariesta Widya. Teori sosiologi sastra kang diandharake dening Wellek lan Werren iki digunakake kanggo nintingi panliten kang fokus marang perkara kacingkrangan kanthi nggunakake konsep lan teori saka Setiadi lan Kolip lan Suharto.

Panliten iki mujudake panliten kualitatif. Dhata ing panliten iki arupa tembung-tembung kang ngandhut unsur kacingkrangan sajrone ACMD. Sumber dhatane yaiku saka sekabehane isi ing ACMD. Cara kanggo ngumpulake dhata kanthi nggunakake teknik studi pustaka. Dhata kasebut dijlentrehake nggunakake teknik dheskriptip lan disuguhake manut sistematika panulisan kang wis tumata.

Asil panliten iki kaperang dadi telu, yaiku ngenani gegambaran, panyebab, lan upaya kanggo ngrampungi kacingkrangan sajrone ACMD kang manut marang teorine Setiadi lan Kolip lan Suharto. Gegambaran kacingkrangan kaperang dadi papat yaiku kacingkrangan absolut, natural, kultural, lan struktural. Panyebabe iki ana loro yaiku disebabake dening faktor kultural lan faktor struktural. Upayane kanggo ngrampungi kacingkrangan ing antarane yaiku nandur, nyilih, nrima, nginep, nyolong, lan dodolan. Sakabehane kuwi ana ing 12 cerkak sajrone ACMD anggitane Ariesta Widya kang wis digolongake miturut konsep kacingkrangan.

Tembung Wigati: Kacingkrangan, Antologi Cerkak Manjing Daging (ACMD), Sosiologi Sastra.
Published
2020-07-09
How to Cite
LAIYINAH, A., & SULISTIANI, S. (2020). KACINGKRANGAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK MANJING DAGING ANGGITANE ARIESTA WIDYA (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 175
PDF Downloads: 0