Rantaman Tradhisi Mantenan Adat Jawa kang Ana Ing Kecamatan Dukun Kabupaten Gresik

  • KARIMA AYUTARA
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Tradhisi mantenan adat Jawa kang ana ing Kecamatan Dukun iki nduweni nuansa Islami. Undherane Panliten sajrone panliten iki yaiku : 1) Kepriye mula bukane upacara tradhisi mantenan adat Jawa?, 2) Apa wae ubarampe kang ana sajrone upacara tradhisi mantenan adat Jawa?, 3) Kepriye tata laksanane upacara tradhisi mantenan adat Jawa?, 4) Kepriye pelestariane upacara tradhisi mantenan adat Jawa?. Ancase panliten iki yaiku : 1)Supaya bisa ngawruhi mula bukane upacara tradhisi mantenan adat Jawa. 2) Supaya bisa ngawruhi ubarampe kang ana sajrone upacara tradhisi mantenan adat Jawa. 3)Supaya bisa ngawruhi tata laksanane upacara tradhisi mantenan adat Jawa. 4)Supaya bisa ngawruhi prospek kang ana ing upacara tradhisi mantenan adat Jawa. Teori kang digunakake yaiku teori semiotik budaya anggitane Roland Bhartes.

Methode panliten yaiku menthode kualitatif deskriptif. Sumber data kang dijupuk saka panliten iki yaiku lumantar masyarakat-masyarakat minangka informan sajrone panliten iki. Saengga dhata kang dijupuk yaiku dhata lisan kang arupa ukara-ukara infomarsi ngenani panliten iki. Cara ngumpulakedhata sajrone panliten iki yaiku: observasi, wawancara, dokumentasi, dan studi pustaka. analisis dhatane kanthi cara : mengumpulkan dhata, nggabungake dhata, ngolah data, banjur dudutan.

Tradhisi mantenan adat Jawa kang ana ing Kecamatan Dukun iki diwiwiti wis suwi banget uga miwitine iku amerga ana panjalukansaka keluarga kang nduweni hajat. Nggunakake tradhisi mantenan adat Jawa. Ubarampe kang digunakake yaiku :bokor, bunga setaman, daun suruh, melati sebagai aksesoris, pakaian, nasi, beras, alat kacar kucur, lan sapiturute. Tata laksanane yaiku: temu manten, tukar kembar mayang, balang gantal, salaman, ijukan, tantingan, dadhungan, timbang pangkon, tanam jero, kacar-kucur, dulangan, unjukan, mapag besan, sungkeman, banjur biyasane dibacutake karo acara-acara Islami kaya dene qiroatil quran, mukoddimah, lan sapiturute. Cara nglestarikake yaiku kanthi cara les, melu ana ing komunitas.

Tembung Wigati :mantenan adat Jawa, simbol, Islami

Published
2020-07-09
How to Cite
AYUTARA, K., & PAIRIN, U. (2020). Rantaman Tradhisi Mantenan Adat Jawa kang Ana Ing Kecamatan Dukun Kabupaten Gresik. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 116
PDF Downloads: 0