TRADHISI OGLOR ING DESA WONOKARTO KECAMATAN NGADIROJO KABUPATEN PACITAN

Authors

  • SUGENG NURWICAKSONO
  • SUKARMAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%25p

Abstract

TRADHISI OGLOR ING DESA WONOKARTO KECAMATAN NGADIROJO KABUPATEN PACITAN

(Tintingan Folklor)

Sugeng Nurwicaksono

S-1 Jurusan Bahasa lan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa lan Seni Universitas Negeri Surabaya

sugengnurwicaksono16020114067@mhs.unesa.ac.id

Drs. Sukarman, M.Si

Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya

Abstrak

Tradhisi Oglor yaiku salah sawijine bentuk folklor setengah lisan sing iseh dilestarekake ana ing Desa Wonokarto, Kecamatan Ngadirojo, Kabupaten Pacitan. Tradhisi iki minangka tinggalane para leluhur biyen. Tradhisi Oglor digelarake saben-saben ana kegiatan sing hubungane karo pengetane Agama Islam. Underane panliten sing ana ing sajrone panliten iki kayata, ngonceki bab, (1) mula bukane tradhisi Oglor, (2) tata lakune tradhisi Oglor, (3) ubarampe sing digunakake sajrone tradhisi Oglor, uga (4) apa wae fungsi kang ana ing tradhisi Oglor, lan (5) kepriye cara kanggo nglestarekake tradhisi Oglor.

Tujuwan panliten tradhisi Oglor iki, yaiku (1) njlentrehake mula bukane, (2) njlentrehake lumakune tradhisi Oglor, (3) njlentrehake piranti lan ubarampen tradhisi Oglor, (4) njlentrehake gunane tradhisi Oglor, (5) njlentrehake cara kanggo nglestarekake tradhisi kasebut. Manfaat saka tradhisi Oglor iki, yaiku kanggo (1) sistem proyeksi kayata ngrengga tamu, ngisi adicara agama lan dina kamardikan, (2) sarana pendhidhikan, (3) Kanggo sarana meksa masyarakat, (4) piranti kanggo ngesahne tatanan lan lembaga kabudayan, (5) fungsi masyarakat.

Panliten tradhisi iki kalebu sajrone panliten kang nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Jalaran anggone nglumpukake dhata nggunakake cara observasi, wawancara, dhokumentasi, lan kuisioner. Tatacara anggone ngolah dhata yaiku nggunakake teknik transkripsi dhata lan njumbuhake karo panliten tradhisi Oglor iki.

Asile saka panliten tradhisi Oglor iki kedadean saka mula bukane sing ngandharne saka isine tradhisi yaiku Kitab Suci Berjanji lan Janen. Mula bukane Oglor mlebu ing Wonokarto watara taun 1960. Perangane lumakune tradhisi yaiku nyiagakake piranti arupa kendhang lan terbang cacah loro, ngunekake cakepan maulud, pitung taun, juar, salorabuna, bagindangale, salo kumbang, yake, giyar, lais, lan gilar-gilar. Tradhisi Oglor uga nduweni ubarampen minangka kanggo slametan yaiku jenang abang, mule lima, mule pitu, mule sanga, lan sapanunggalane. Pigunane yaiku kanggo sistem proyeksi kayata ngrengga tamu, ngisi adicara agama lan dina kamardikan, sarana pendhidhikan, kanggo sarana meksa masyarakat, piranti kanggo ngesahne tatalan lan lembaga kabudayan, fungsi masyarakat. Cara kanggo nglestarekake tradhisi Oglor yaiku digawe adicara taunan, ditambahi gerak tari, nggawe grup kesenian, dan nggwe ekstra kurikuler ing pawiyatan.

Tembung Wigati: tradhisi oglor, folklor, orientasi budaya

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-07-09

How to Cite

NURWICAKSONO, S., & SUKARMAN. (2020). TRADHISI OGLOR ING DESA WONOKARTO KECAMATAN NGADIROJO KABUPATEN PACITAN. Jurnal Online Baradha, 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 49 , PDF Downloads: 0