LEGENDHA BUKIT PENDHEM DHUSUN SEGUNUNG, DESA JOMBOK, KECAMATAN KESAMBEN, KABUPATEN JOMBANG (Tintingan Folklor)

  • WIENDO PRASETYA P
  • YOHAN SUSILO

Abstract

ABSTRAK

LEGENDHA BUKIT PENDHEM DHUSUN SEGUNUNG DESA JOMBOK KECAMATAN KESAMBEN KABUPATEN JOMBANG

(TINTINGAN FOLKLOR)

Nama : Wiendo Prasetya Putra

NIM : 13020114027

Prodi/ Jurusan : S1/Pendhidhikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas : Fakultas Bahasa dan Seni

Lembaga : Universitas Negeri Surabaya

Pembimbing : Yohan Susilo, S.Pd., M.Pd

Legendha Bukit Pendhem minangka sawijine folklor lisan kang ana ing desa Jombok Kecamaten Kesamben Kabupaten Jombang. Legendha kasebut nduweni maneka crita kang ana ing masyarakata, wiwit saka crita dumadine Bukit Pendhem nganti crita ing jaman perjuwangan kang ndadekake Bukit Pendhem minangka papan kanggo prang. Underane panliten yaiku: Kepriye legendha, makna simbolis, fungsi, lan nilai budaya legendha Bukit Pendhem kang ana ing Dhusun Segunung Desa Jombok Kecamtan Kesamben Kabupaten Jombang. Ancase panliten iki yaiku: 1) Ngandharake legendha, makna simbolis, fungsi, lan nilai budaya legendha Bukit Pendhem kang ana ing Dhusun Segunung Desa Jombok Kecamtan Kesamben Kabupaten Jombang.

Paedah panaliten iki yaiku: 1) Kanggo mahasiswa : saka panaliten iki diajab muga bisa aweh sesumbang babagan ilmu folklor. Panaliten iki uga bisa diterusake anggone neliti. Bisa awujud njupuk variabel kang beda, utawa bisa nerusake panaliten iki kanthi diteliti luwih jeru, 2) Kanggo masyarakat : saka panaliten iki masyarakat luwih ngerti kahanan ing Bukit Pendhem, Dhusun Segunung, Desa Jombok, Kecamatan Kesamben, Kabupaten Jombang. Mangerteni kahanan sosial budaya, mitos kang ana, lan petilasan kang ana ing kana, 3) Kanggo kasusastran : jroning panaliten iki uga ngemot babagan crita kang ngrembaka ngenani mula bukane Bukit Pendhem. Crita kang ana bisa nambah kasusatran Jawa ing Jawa Timur, mligine tumrap Kabupaten Jombang lan sakiwa tengene.

Kanggo ngonceki masalah kang dadi punjere panliten, digunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah kang arep dionceki. Konsep utawa teori kasebut ing antarane, konsep legendha nggunakake panemune Danandjaja (2002). Kanggo njlentrehake simbol nggunakake panemune Sudikan (2001). Babagan fungsi ditintingi nggunakake panemune Luxemburg (1984). Kanggo ngonceki Nilai budaya, nggunakake panemune saka Koentjaraningrat (2009) lan babagan folklor nggunakake panemune Danandjaja (1996).

Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Metodhe iki ngasilake data arupa tetembungan tinulis utawa lisan saka pawongan lan polah tingkah kang bisa dideleng. Pangumpulane dhata panliten ditindakake kanthi cara wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara menehi interpretasi ing saben wujud dhata.

Asil panliten iki nuduhake yen crita Legedha Bukit Pendhem ngandhut sawijine perangan sejarah lan ana gandheng cenenge karo mula bukane desa Jombok. Saliyane iku tuwuh kapercayan rakyat lan petilasan kang ngrembaka ing desa Jombok. Ing antarane kapercayan rakyat kasebut yaiku bocah utawa rumaja lanang dhusun Segunung mesthi nakal, warga dhusun Segunung yen nduweni anak prawan aja nganti telat nikahake, lan warga dhusun Segunung yen nduweni anak wadon kang wis nikah aja nganti wani marang wong tuwane. Saliyane iku uga ana patilasan yaiku petilasan papan kanggo tapa brata, watu kang cacahe papat, lan Pal utawa tugu cilik. Babagan makna lan simbol kang kinandhut ing Legendha Bukit Pendhem ing antarane yaiku cokbakal. Ana cokbakal Asil bumi, Bumbu rawon, Dhedhak, Jajan pasar, Endhog pitik kampung, Rokok lan susur, Bibit tanduran, Dhupa, lan Tumpeng.

Fungsi Legendha Bukit Pendhem ing antarane yaiku, minangka mbiyantu sarana panggulawenta hwong enom, minangka sarana panglipur, minangka sarana ngupadi ketentreman batin, minangka sarana kanggo nguri-uri kabudayan. Nilai budaya kang kinandhut ing Legendha Bukit Pendhem. Nilai budaya iku antarane, Kapisan, nilai budaya sesambungane manungsa karo Gustine. Kapindho, nilai budaya sesambungane manungsa karo alam. Katelu, nilai budaya sesambungane manungsa karo manungsa liyane. Kaping papat, nilai budaya sesambungane manungsa karo masyarakat. Kaping lima, nilai budaya sesambungane manungsa karo kahanan.

Tembung wigati: Legendha, Bukit Pendhem, Folklor

Published
2020-07-09
How to Cite
PRASETYA P, W., & SUSILO, Y. (2020). LEGENDHA BUKIT PENDHEM DHUSUN SEGUNUNG, DESA JOMBOK, KECAMATAN KESAMBEN, KABUPATEN JOMBANG (Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 142
PDF Downloads: 0